Pages

Banner 468 x 60px

Selasa, 14 Januari 2014

Skenario Wayang Petruk Dadi Ratu

0 komentar

Prabu Kresna Mungsuh Prabu mBel Geduwel Beh

1. Kresna dilapori Wrekudara
2. Kresna ngerti yen Ngamarta digempur karo Prabu Mbel Geduwel Beh
3. Kresna di lapori Gathutkaca
4. Kresna ngutus Setyaki Baladewa Gathutkaca kanggo ngadepi Prabu Mbel Geduwel Beh
5. Kresna sambat karo Semar lan bisa ngalahke Prabu Mbel Geduwel Beh

§  Pendahuluan

Kresna dilapori Wrekudara yen jimat kalimasada ilang

Dalang nyiapake wayang Prabu Kresna, Baladewa,Wrekudara, Setyaki
Dina iku, kresna isih rembukan bareng baladewa lan setiaki, banjur ujug-ujug Wrekudara teka lan ora laporan luwih dhisik kaya biasane, pasuryane takon susah lan sumelang, amarga Negara Ngamarta lagi katutup mendhung lan ketaman gerhana, Wrekudara matur yen Negeri Ngamarta lagi kilangan jimat Klaimasada, kabeh pada kaget yen jimat iku kudu di Rawat lan di gaja. Wrekudara sedih dheweke ora bisa jaga jimat kalimasada.banjur Prabu Kresna ngamuk karo Wrekudara yen sifate kuwi ora gambarake sifat sing becik (Sinandi Tatalaku) Prabu Kresna Bakalan nuduhi pituturmaring Adhimas Wrekudara supaya dheweke iling yen aja serakah maneh lan kudu tumindak jejeg.

rem-rem sorote kang  hyang arka kaeksi o....
pucak ing haldoka  murub  yen  janmaha
kadi susasmiteng dasih ing sasliring laku o....
lampahing dumadi o....
gilir gumanti o ....
duka suka ning griya yekti gegadhangan
pangesahing dhiri titah ing gusti o...
kangen sarwa dumadi o...


     Prabu Kresna           : “Hyang Sangkan Paran, Duh Gusti ingsun ngaturaken konjung ing ngarsaning Gusti Sang Sangkan Paraning Dumadi, , ingsun klentu nyuwun pangapuranipun Prabu Baladewa.
Prabu Baladewa       : “ooo walaaahhh,, hhmmmm ladalaaahhh , Prabu Kresna, ana apa Prabu ?”
Prabu Kresna           : “kula menika kaget, nora nyono Negari Ndarawati bakal manjing dinten mangke satriya Jodipati. Adhi kula Repaduka pun Wrekudara.”
Prabu Baladewa       : “Coba Dipundangu rumiyin. Tak sawang-sawang, priyantune Wrekudara nandang susah lan bingung uga sedih,wonten perkawis napa, coba dipundangu rumiyin Prabu, menawi wonten ingkah kedah dipunmupakati kalih Wrekudara menika
Prabu Kresna           : “Dhimas Wrekudara, ana apa sajake kok susah kaya bumi katutupan awang-awang sing ireng kaya mendhung.”
Wrekudara               : “Kakangku Kresna, marang aku nyuwun mupakatmu kakangku Kresna. Nuyun leganing dadamu, kula mriki tanpo pangertosan rumiyin.

kadangmu warahen den becik
becik hamendhemo baris
baris kang prayitna o.........
aywa saranta sang dwarawati ( prabu kresna)
tan iku awak  pandawa


Prabu Kresna           : “Ana apa?”luputka kakangku Kresna uga Baladewa.”
Wrekudara               : “kuladipunutus maring Darma Aji.”
Prabu Kresna           : “Diutus kaliyan Prabu Puntadewa.”
Wrekudara               : “Iya kakangku Kresna.”
Prabu Kresna           : “Ora gelem mara dhewe Prabu Puntadewa.”
Wrekudara               : “Rungakno aku tak crita . kaya awak kecubes kayu ora kanyono kadadeya iki sinambung. Ngamarta anandang Kataman Gerhana kakangku.”
Prabu  Kresna          : “Dhimas Wrekudara ana apa iki,apa pnggalihmu ?”
Wrekudara               : “Negara Ngamarata kali katutub mendhung kang ireng sanget wernane, ana lampu berter ora bakal manjing sinare, kaya kena gerhana ing bumi Ngamarta, udan panasora sumbut, perkawis kang abot lan susah, perkawis iku.. hikss. Hikkss hiisss ….”
Prabu Kresna           : “aja susah, aja sumelah Dhimas Wrekudara, Mendhung apa sing nutupi Negeri Ngamarta, ayo crita, kanda maring kakangmu iku Dhimas?”
Wrekudara               : “Gerhana kang nutupi Negeri Ngamarta Kakangku, Jimat Kalimasada ilang , hikss.hikkss.”
Prabu Kresna           : “lolololo... la kok bisa ilang? Karepmu piye Adhimas?. “Duh Sangka Paraning Dumadi nyuwung pangapuranmu kango Adhiku Wrekudara.  Duuhhhh Wrekudara, Wrekudara. Iki Piye ta? Critane  piye, kok bisa Pusaka Juru Selamet bisa iklang saka Ngamarta?.” (ngrangkul Adhine Wrekudara)
Wrekudara               : “larah-larahe ora cetha kakangku, ora ana kang cidra apa-apa, ilange ora kanyana.”
Prabu Baladewa       : “E ladalahh. . Lha dalaaaaaaaaahhh ,aneh bin ajaib Adhiku?  Adhik , kakang melu bantu intuk apa ora, urun rembuk!.”
Wrekudara               : “Sumangga Kakangku Prabu Baladhewa.”
Prabu Bladewa         : “Aneh tenan iku, Jimat Juru Selamet bisa ilang.. ayoo pada mupakat muga isa ketemu ing ridhone Hyang Sangkan Paran.
Prabu Kresna           : “yo. Ayo..meneng disik yo . mupakat bareng-bareng.”
Prabu Baladewa       : “apa urunmu Setyaki?”
Dalang nyiapake wayang Sekyaki.
Wektu semono pada bingung mupakat bab Aji kang ilang, jimat kang dadi sandaran Kalesametan ning Negeri Ngamarta. Sak iki ilang emboh parane. Lan ora cetha larahe. Wrekudara lan kakange kuwi pada golek dalan supaya jimate isa ketemu maneh lan manggong ing Ngamarta panggon asline.
Setyaki                     : “kedah dipunurus niku, jimat kang aji, jimat kang dadi Juru Selamet ing Ngamarta.”
Prabu Baladewa       : “hu’m yaaa.. kudu di sikat ngati resik kuwi .”
Wrekudara               : “Renaku badhe ngrembug,kira-kirabisa ketemu apa ora yo, katon susah?”
Prabu Kresna           : “Bisa lan ora gumantung ning awakmu dhewe, ngerti opo ora singtak maksud?”
Wrekudara               : “Ora Kakangku..” ( wajahe katon susah )
Prabu Kresna           : “Kowe karo Pandawa laine kuwi uwis lali lan serakah, beda kaya Pandawa biyen, ora duwe tanggungjawab ,, oooo bisane jimat Juru Selamet ilang Saka Ngamarta .”
Prabu Baladewa       : “Sampun Dhimas Prabu Kresna, aja nesu ampun mbanggel.”
Prabu Kresna           : “Piya ta, tanggungjawabe iki?”.
Wrekudara               : “ Sampun ta Kakangku, susah iki Adhimu.”
Prabu Kresna   : “Kowe bakal tak sikat nganti klimis, atimu gen resik, gen padhang lan apik tumindakmu.”
(kabeh pada mupakat)

§  Penggawatan

Negeri Ngamarta digempur karo Prabu Mbel Geduwel Beh

Dalang nyiyapakae wayang Sadewa, Nakula lan Prabu Mbel Geduwel Beh.
                Prabu Mbel Geduwel Beh Mara inng Negara Sunyawibawa ketemu  Prabu Bondan Sumiran, lan Prabu Llindu Pandhang. Tujuane pingin nglumpuhke Pandawa ing Ngamarta lan ngosak-asik Negarane lan bakal digempur.
Perjalanan Prabu mBel Geduwel Beh menyang  Negara Ngamarta butuh waktu pitung dina pitung wengi. Ning dalan Prabu Mbel Geduwel Beh gawe onar. Gawe onar ing desa-desa sing dilewati. Tumekeng wengi, ing panggonan ngenteni isuk arep ngobrak-abrik Ngamarta yaiku Prabu Mbel Geduwel Beh .

Prabu Mbel Geduwel                 :”oyyy,,, hahahaha,,, endi Kesatriyane Ngamarta, tak idak-idake. Aku iki Prabu Mbel Geduwel Beh, penguasa jagad.”

Nakula                                        :” Ana apa Prabu Mbel Geduwel Beh?”

Prabu Mbel Geduwel                 :” oo iki taaaa kasatriyane ayo rene !.”

Nakula                                        :”Arep lapo kowe?”

Prabu Mbel Geduwel                 :”Bakal tunduk marang Aku iki, tak gempur Negaramu!”

Sadewa                                       :”Ora bakal iso kowe nggempur Ngamarta”

Prabu Mbel Geduwel                 :” Maju lawan Aku kang dadi kasatriyane jagad!.”


Dalang ngentokake wayang Janaka

                               Banjur Prabu Mbel Geduwel Beh ngamuk ing Ngamarta ganti Janaka sing maju nglawan Prabu Mbel Geduwel Beh kanggo nylametke Negara ngamarta.

Janaka                             :”Ojo kakehan omong kowe Prabu Gembel, eeehhh salah, Mbel .. ayo lawan Aku!”

Prabu Mbel Geduwel      :”Wahaha ayo,,, siapa takut . maju rene !”

Janaka                             :”Aiiiiiiiiiiisssskkkk ,,,,, brak ,,, brakkk !.”
(Tarung karoPrabu Mbel Geduwel Beh)

Prabu Mbel Geduwel      :”wwwaaaaaaaa, jiaakkk ,,!.”

Janaka                             :”Brak,,, Brak !”

Prabu Mbel Geduwel      :”Glonthang,,,,, glonthang... yo rame-rame ngadhepi Aku!”
(Prabu Mbel Geduwel Beh berhasil nggempur Ngamarta)



§  Penanjakan

Kresna di lapori Gathutkaca
Dalang nyiapke wayang  Setyaki, Prabu Kresna Lan Gathutkaca lan payon.
                Gathutkaca mebur menyang Dwarawati uga mbantu Prabu Kresna Ngalahke Prabu Mbel Geduwel Beh sing arep ngrusan Negeri Ngamarta, nangin Prabu Kresna

dasare mangsa ketiga purnameng gegana,
riris harda salah mangsa
adag sagung hamong tani
jumangkah samya ngayati o....
yasa bebedengan kinarya handeder wiji winangka
Tan wurung sira
Sirna  ndhepani bumi

ora bakal meneng wae, Setyaki, Prabu Kresna Lan Gathutkaca uga Baladewa bakal bali nyerang Prabu Mbel Geduwel Beh.

Prabu Kresna           : “oooo Setyaki?”
Setiaki                      : “Sendika Dawuh Prabu Kresna?”
Prabu Kresna           : “Apa bener iku Gathutkaca ? jal susulen.”
Setiaki                      : “Nun inggih Prabu, Leresniku Gathotkaca.”
Prabu Kresna           : “Tuntunen rene kae Gathutkaca.”
Setyaki                     : “Nggih Gusti.”
(Setyaku Nyusul Gathutkaca lan Gathutkaca nyusul)

Gathotkaca               : “Ngaturaken Pakurmatan dateng Panjenengan Prabu. Wonten dawuh punapa ingsung ing Dwarawati?.”
Prabu Kresna           :”lungguho ngger Gathutkaca, tak tampa pakurmatanmu.
Gathotkaca               : “Sendika Prabu.”
Prabu Kresna           : “Gathutkaca,ana apa?”
Gathotkaca               : “Prabu Kresna, wonten mriki kula ngaturi mbok bilih Negeri Ngamarta sampun di jur-jur kaliyan Narendra Sunyawibawa ingih Prabu Mbel Geduwel Beh.”

Dalang nyiapake wayang Prabu Baladewa

        Kresna ngutus Setyaki Baladewa Gathutkaca kanggo ngadepi Prabu Mbel Geduwel Beh

Prabu Kresna           : “Pancen kisruh.”
Prabu Baladewa       : “Pripun Adhimas Prabu Kresna?.”
Prabu Kresna           : “Wrekudara, jan koyono Ngamarta Sak iki!.”
Wrekudara               : “Iki lelakoneng Nagara Ngamarta.”
Prabu Kresna           : “Wrekudara iki pancen Pacobaneng Gustih Gang Karya Jagad .”
Wrekudara               : “Lajeng pripun Kakangmas Kresna?”
Prabu Kresna           : “duh,,, Sangkan Paraning Dumadi,, “
Wrekudara               : “Kakang Kresna,Prabu Mbel Geduwel Beh kudu di kalahke.”
Prabu Kresna           : “Wani tenan Kowe mrentah Aku?”
Prabu Baladewa       : “Ngamarta ikigumantung ning awakmu, Kudu di cek-cek sirahe Prabu Mbel Geduwel Beh!.”
Gathotkaca               : “Prabu!.”
Prabu Kresna           : “Apa ngger Gathutkaca?”
Gathotkaca               : “Kesatriya menika nak wonten musuhe mboten kabur Prabu!.”
Wrekudara               : “Nyuwun pamit kakangku, arep tak tugel-tugel bangkekane Prabu Mbel Geduwel Beh .”
(Wrekudara pamit)
Prabu Baladewa       : “Setyaki.”
Setyaki                     : “Sendika dawuh Prabu?”
Prabu Kresna           : “Kakang Prabu Baladewa
Prabu Baladewa       : “Nggih ?”
Prabu Kresna           : “Gathutkaca ayo, ndang nyusul.”
Prabu Baladewa       : “Mamang aku,apa ya Gathutkacaiki goroh?.”
Gathokaca                : “Walah,,, Yakin ,, teniiiiiiiiiiiiiin.”
Prabu Baladewa       : “Kudu dikalahke Prabu Mbel Geduwel Beh.”
Prabu Kresna           : “Nggih.Setyaki.”
Setyaki                     : “Sendika Dawuh Prabu.”
Prabu Kresna           : “Gathutkaca!.”
Gathotkaca               : “Dawuh Prabu.”
Prabu Kresna           :”Kakangmas, kula sumanggaaken , !.”
   Prabu Baladewa uga Setyaki, Lan Gathutkaca Pamit lunga ngalahke Prabu Mbel Geduwel Beh!


§  Pucak

Kresna ngutus Setyaki Baladewa Gathutkaca kanggo ngadepi Prabu Mbel Geduwel Beh


Dalang Nyiapake Wayang Setyaki, Baladewa, Gathutkaca lan Wrekudara lan Gunungan.

       Banjur pamit Prabu Kresna Setyaki, Baladewa, Gathutkaca lan Wrekudara pada mlaku saparan pengen ngalahke Prabu Mbel Geduwel Beh kanggo kamulyane Negara Ngamarta sing bari di osak-asik karo Prabu Mbel Beh.


meh rahina sumubang hyang haruna
kadi nitraning oga rapuh
sabdaning ukila
ring kani gara saketer o...
nikidung ning akung
wlerwuwusing wini panca
pepetaking ayamwana ing pagagan
rak hanguwuh bremara ngraboso
kusuma ring parahasyan arum



Wrekudara                            : “Woe Prabu Mbel Geduwel Beh”
Prabu Mbel Geduwel            :”Hahahah,, halooo... how are you?”
Wrekudara                            :”Rak usah nena-nene kowe Mbel.”
Prabu Mbel Geduwel             :” Ana apa. Aku, Prabu Mbel Geduwel Beh.”
Gathutkaca                             :”Heh, kowe, Wani-wanine ngosak-ngasik Ngamarta!apa sing mbuk jaluk?”
Prabu Mbel Geduwel             :”Aku iki Ksatrya jagad. Ora iso dikalahke...”
Gathutkaca                             :”Hah. .O O T.”
Prabu Mbel Geduwel             :”Apa kuwi O O T?.”
Gathutkaca                             :”Oww ladalah,, Ksatrya kok Blo’onk”
Prabu Mbel Geduwel             :”Uiiikkhhh.. jaga ya lambemu.”
Gtahutkaca                             :”Bakal tak pothel-pothel Ndasmu Prabu Mbel Geduwel Beh!”
Prabu Mbel Geduwel             :”Ciaaaa..c ciaaa ciaaa... Brakkkkk..”
Gathutkaca                             : (Gedetugggg...Gathutkaca kalah)
Prabu Mbel Geduwel             :” Hahahaha ... sokooorrrr.”
Banjur Prabu Baladewa maju perangkaro Prabu Mbel Geduwel Beh

Baladewa                               :”Prabu Mbel Geduwel beeeeeeeh tak pothel Ndasmu!”
Prabu Mbel Geduwel             :” No NO no,, aku ora duwe ndas Prabu Bladewaaaa... hiiiiiiaaaaaa Fuck you!”
Baladewa                               :”Aku yo FuckYou Mbel Geduwel Beh! Lawan aku yen kowe bener-bener Ksatrya jagad.”
Prabu Mbel Geduwel             :” Ora wedi karo dhapurmu Baladewa.. Brak,, brakk!”
kridu mawur mangawur-awur wurahan
tengaraning ajurit gong maguru gangsa
teteg  kadya butula wur panjriting turanggesti
rekatak ingkang
dwaja lelabuh sebit

(Perang Baladewa akaro Prabu Mbel Geduwel Beh)

Tatu siji tatu kabeh, kalahe Baladewa karo para kadang sing nglawan Prabu Mbel Geduwel Beh kango nylametke Negara Ngamarta saka murkaneng iblis (Mbel Geduwel Beh). Prabu Kresna Mara ing Karang Kedumpel sambat Marang Semar.




§  Peleraian

Kresna sambat karo Semar lan bisa ngalahke Prabu Mbel Geduwel Beh
Dalang nyiapake wayange Semar,Prabu Mbel Geduwel Beh, Prabu kresna Lan Kayon
  Kanggo jaga-jaga marang Prabu Mbel Geduwel Beh, Prabu Kresna lunga menyang Karang Kedumpel sowang ning omahe Semar uga crita apa sing lagi di alami Negara Ngamarta kang lagi ketaman Gerhana, di osak-asik karo Prabu Mbel Geduwel Beh, katekan Prabu Kresna Ora dinyana karo Semar.

Mulat mara sang harjuna hesmunira
Kamanungsan
Karepan tingkahingreng mungsung o...





Semar                                     : “O ladalah , Ratu ampuh kuwi Dhimas, dudu Ratu sembarangan, .”( kakang Semar kaget bilih Adhine certika kaya ngono).
Prabu Kresna                         : “Mesti iku kakang, ora sembarangan.”
Semar                                     : “Nggih wus nak ngono, ayo padasi susul sing liyane, kango ngalahke ratu anyar mau.”
Prabu Kresna                         : “Nggih Kakang Semar.”
                                              

Dalang nyiapake Wayang Prabu Kresna, Semar, Wrekudara, Setyaki,
Gathutkaca, lan Prabu Mbel Geduwel Beh

                        Kakang Semar karo Prabu Kresna Nyusulliyane
                        Wrekudara, Gathutkaca, Setyaki lan Baladewa bali ngalawan Ratu anyar mau. Katon cetha Prabu Kresna karo Semar delok menawane Wrekudara, Baladewa, Gatotkaca, lan Setiaki kalah karo Prabu Mbel Geduwel Beh. Mlayu ing antarane peperangan mau.
Prabu Mbel Geduwel Beh     : “walaaah,,, Ratune Dwarawati teka. hahahah.”
Prabu Kresna                         : “Ana apa kowe Ratu Anyar sing wis ngosak-ngasik Ngamarta?”
Prabu Mbel Geduwel Beh     : “aku arep noklek-noklek thengel Ratu Dwarawati, tak kalahke kowe banjur tak kuawasi Negaramu, ayookkk maju,,, apa aku sing maju nak kowe wedi, hihihi.”

                        Bantuan saka Semar Prabu MbeL Geduwel Beh kalah , Akhire mijileng katentreman Negara Ngamarta Jumeneng nata.





Sakeh luput
Ing angga tansah linimput
Linimpet ing sabda
Narka tan ana udani
Lumuh ala ardane ginawa gada


Taman limut
Durgameng tyas kang weh limput
Karem ing karamat
Karan karoban ing sih
Siheng sukma ngrebda saardi pengira

Uger lugu
Den ta mrih pralebdeng kalbu
Ing drajat kajating urip
Kaya kang wus winahya sekat srinata


_Tancep Kayon_
 Rihatul Ulya

0 komentar:

Posting Komentar