Pages

Banner 468 x 60px

Selasa, 01 April 2014

GEGURITAN KIDUNG KOTA WALI

6 komentar

KIDUNG KOTA WALI
Dening Rihatul Ulya


Dakcritakake ing kene ana syiir kang suci

Ana ilir kang sumiliri...
Dadekake padhang ing pikir

Werna ijo royo royo...
Ayo padha tetulung tangga teparo

Kae.. ana manten anyar...
Ayo padha rangkulan ing papan kang gumelar

Ana bocah angon, penekna blimbing kuwi.....
Ayo padha sumanding kitab suci

Bocah angon... lunyu lunyu penekna kanggo basuh dhadha tira...
Ayo marang Pangeran padha dedunga nganti wutahing ludira

Gumitir bedag ing pinggir...
Syiir kang nglatih kita padha kenceng ing pikir
Amirsani bulan kang padhang
Kalangan kang jembar

Iki kidung kota wali
Tapak tilas para wali
Para kasatriyaning negari
Angrubah pertiwi
Nganti gemah
 ripah loh jinawi

Semarang, 31 maret 2014
00:51



Read more...