Pages

Banner 468 x 60px

Selasa, 14 Januari 2014

Cerita Lucu Basa Jawa

0 komentar

Angon Wedhus

Nalika aku isih Sekolah Dasar kelas 4 aku duwe wedus cacahe ana telu,podo karo jumlah putrane abah ibuku, wedusku gedhe-gedhe, putih, lemu lan resik. Saben balik sekolah aku angon wedus ana plataran omah sing ana sukete ijo-ijo,wedusku ora rewel yen di cancang ning tambang, mergane wedusku doyang angan dadi anteng. Dina setu aku karo adiku hanafi lan meila angon wedus bareng nyekel siji bagian sing arep di ngon ning lapangan deso, banjur tekan sawahe mbah Parman wedus-wedusku do menggok  mangani pari sing ning kono, bejone aku lan adi-adiku wektu kuwi sing duwe sawah ora ono dadi ora bakal di sengeni mbah Parman, nalika aku rukuk bebenah kathok saka mburi ana mbah Parman gawa sabet saka blarak.
 Atiku  melang-melang, adiku podo ndredeg mergane tandurane ambruk di idak-idak wedus-wedusku. “woe nang, nduk kowe  do lapo ning kono? Tanduranku kok pada ambruk kabeh ! hayo kowe ...” . nalika iku aku karo adiku mlayu koyo alap-alap banter banget. Ora iling nasib wedusku do paran ning ndi . bingung rasane atiku arep sambat nanging karo sopo?, mergane kuwi ning sawah ora ana sing weruh babar pisan. Uwis mlayu rono rene mangalor mangidul mangetan mangulon ora ketemu. Sampe wancine surup ora ketemu bakal di dukani abah ibuku. Mlaku-mlaku menyang pereng kali aku weruh kanca-kancaku podo dolanan gethekan. Dolanan sing mirip arum jeram nanging arum jerah ndeso mergane gawene soko debog ghedang sing di kethok lan disambung banjur wis dadi, di tumpaki menyang ili ning kali. Rasane kepengen melu dolanan nanging wedusku durung ketemu. Tapi aku kepingin akhire aku melu njegur ning kali gethekan, jam 4 sore aku durung mentas saka kali. Adiku bingung aku durung mentas wedus durung ketemu, “mbak ayo goleki wedus” suwarane meila adiku sing paling ragil nyeluk supayane aku lek ndang mentas soko kali langsung luru wedus. Nanging wedus-wedusku ora ketemu. Suworo adzan magrib kudune aku ana omah siap-siap ngaji wektu kuwi durung bali, abah ibuku sumelang rasake anak-anak podo ndableg.
 Aku ora wani bali omah sak durunge weduse kecekel, akhire aku, hanafi, meilani ngumpet ana omahe buliku deso sebelah. Wong tuaku ora reti nak weduse ilang, nganti di goleki ning omahe kanca-kancaku isih ora ketemu, ibuku bingung anak-anak sing wayahe ngaji durung bali.  Ana pak Rt, ibu-ibu, bapak-bapak tanggaku podo melu goleki aku lan adi-adiku sing ilang angon wedus, nganti di siarke(di umumke) ning mushola supaya misale ana wong sing weruh aku biso mapak wong tuaku. Banjur Bu Likku krungu soworo ning mushola melu bingung, mergane lunga ora pamit marang wong tua, nganti wong tuane pada bingung. Bu Likku ngendikan “ndug, kowe di goleki marang abah ibumu , ayo lik ndang balik tak terke tekan omahmu”,” aku wedi Lik, mergane wedusku ilang tak tinggal mlayu, mestine abah ibu nesu”. “ayo, ra popo “, banjur tekan emper omah ana wong akeh do gowo oncor, senter, manci lan kethongan wage goleki aku lan adi-adiku. Ibuku kaget weruh aku mulih jam 9. Aku isin di ngeti wong akeh.
Banjur di takoni Ibuku “weduse ndi ndug? “ , jawabku mung mencep “emm,,,emmm,,,,, “ ana suro wedus ning burinanku “ embeeeggg... embeg....” wedus iku ning tangane Mbah Parma. “ iki lo, weduse nang ndug, mlayu-mlayu malah weduse di tinggal lungo “ . aku mung bisa ngguyu ning batin, banjur podo reti nak aku di oyak mbah Parman nalikane wedusku mangan pari-parine nalika kuwi pada guyu kabeh. Aku yo melu guyu tapi isin . Iki kanggo pengalaman marang aku lan adi-adiku, sing kudu tanggu jawab marang opo bae sing dadi kwajibane awake dewe.


0 komentar:

Posting Komentar