Pages

Banner 468 x 60px

Selasa, 14 Januari 2014

Sinopsis Wayang Geger Suralaya

0 komentar

Geger Suralaya
 (Dening Wisnu Sri Widodo)

JAYA BAYA No. 13 . Minggu IV Nopember 2011

            Ana Raja kang mimpin ing Newgara Himapura yaiku Raja Srinata kang anduweni julukan Prabu Ndaruwardaya. Nalika semana,  Prabu Ndaruwardaya kepengin nggarwa salah sawijine widadari Kaswargan yaiku Bhatari Supraba.  Saka penginane iku Prabu Ndaruwardaya  mrintah Patih Udan Agung supaya gawa prajurit-prajurit sing bakal diutus nemoni  Hyang Pramesthi Guru kanggo dadekke Bhatari Supraba permaisurine. Nanging, yen Dewa ora gelem nuruti prajurit-prajurit iku diutus gawe Suralaya. Prabu Ndaruwardaya uga ngutus Si Emban supaya bubarne pasewakan nalika dheweke balik dadi Raja ing Keraton.
            Patih Udan Agung lumaku  menyang  Pasewakan njaba. Ana ing  pasewakan njaba Ki Lurah Togog Tejamantri  ngutus prajurit-prajurite. Banjur,  Dheweke munggah menyang panggung  kanggo nggoyangke Gentha . Saka pangujare mau, prajurit cilik ngomong karo kanca-kancane supaya melu nglakoni sing padha dilakoni karo wong  kuwi. Ki Togog Tejamantri medhun saka panggung, banjur ngadhep Patih Udan Agung uga ditututi prajurit-prajurite.  Patih Udan Agung nyampeke  apa sing dadi pesene Prabu Ndaruwardaya. Sampun di sampeke, Patih Udan Agung lan rombongane ninggalke Kutharaja. Grombolan mau pada nglewati alas lan tegalan uga mungah ning gunung Jamurdipa.
            Wektu tumeka ing Jagad Sunya-ruri sing  tempate ana ing sekitar Tengguru uga isih ana ing Jamurdipa puncake Mahameru, grombolan mau nenoni Kahyangane Para Jawata. Kahyangane  iku dipunarani Argodumilah, Tejamaya, Suralaya uga Jonggringsaloka. Saka karepane yasa, kena sunare Candra Kartika. Saengga, kanggo mbedake wektu awan lan wengi kangelan. nanging amarga rasa luhur,  lan padha bubar sampurna.









0 komentar:

Posting Komentar