Pages

Banner 468 x 60px

Selasa, 14 Januari 2014

Sinopsis Wayang KALA BENDANA

0 komentar

KALA BENDANA
( Ki Sudadi)
Panjebar Semangat No. 42 – 18 Oktober 2008
Ditya Kala Bendana sigra budhal tumuju Wiratha. Raden Gathutkaca kaget atine nyumurupi Ditya Kala Bendana ora bisa di ajak nyimpen rahasia. Ya ngono kui watake ditya kala bndana, dewi utari nak nebut abimanyu kati sebutan kakangmas, uga abimany nyebut iku adhimas dewi urati.
Dewi Utari dinpangku aneng pangkone Raden Abimanyu. Iku kang kanggo nyuntak katresnane. Nalika dewi utari tresna  Ditya Kala Bendana ing taman kaputren. Tekane buta kang gumrojog tanpa larapan iku ora wurung agawe kagyat Risang Putri. Nalika nyumurupi tekane denawa kang nggegilani kuwi, sigra njerit ajelih-jelih Dewi Utari. Dheweke enggal takon marang Raden Abimanyu sapa satemene denawa kuwi. Bareng dikandhani yen dheweke iku adhine Dewi Arimbi kang ora liya iya pamane Raden Gathutkaca, Dewi Utari lagi ilang rasa wedine. Dheweke enggal mangayubagya tekane Ditya Kala Bendana. Tekane ing papan kono sajak ngemu wigati, mula Dewi Utari enggal takon mungguh sedyane.
Lagi smono ditya kala bendana di larak karo abimanyu. Ora nyumurupi sing dikarepake dening Raden Abimanyu, Ditya Kala Bendana manut wae. Tekan njaba, jebule Ditya Kala Bendana di seksa maring abimanyu.
Di sekseni gusti sang sangkan paran  sumpahe Raden Abimanyu. Bledeg nyrempit banter. Wis takdire raden abimanyu bakal di gaman karo wedyabala lan mati gugur.
Nalika abimanyu wingmasuk ing panti katon adok dityakal bendana ninggalake negara Wiratha. Dilalah  ketemu Raden Gathutkaca. Gathotkaca mangkel karo wong sing kaakehan goroh . Mung kari ngenteni wektu, Dewi Utari bakal nyumurupi yen Raden Abimanyu wis duwe garwa ya Dewi Siti Sendari. Ora wurung Raden Gathutkaca nyalahake Ditya Kala Bendana.
Ditya Kala Bendana sigra nyedhak Raden Gathutkaca. Tanpa kesuwen , Raden Gathutkaca ganti ngantem sirahe Ditya Kala Bendana. Sidane Ditya Kala Bendana mung bisa pasrah. Ngerti yen Ditya Kala Bendana ora sangguh di tempeleng, saya dadi  Raden Gathutkaca. Ditya Kala Bendana dipithing lan diuntir gulune sakala kantaka. Sakala iku uga Ditya Kala Bendana prapteng lampus nemahi pralaya. Padha sanalika Raden Gathutkaca eling lamun kabeh tumindake iku wis kelewatan bares. Nalika nyawang wajahe Ditya kala bendana uga sedih nangis lah ngrungkupi

0 komentar:

Posting Komentar