Pages

Banner 468 x 60px

Selasa, 14 Januari 2014

Sinopsis Wyang Kulit Banjaran Bima

0 komentar

Banjaran Bima
(Dening Dhalang Sigit, Rembang)
Donorejo Kec Karangtengah Kab Demak,24 Mei 2013

            Gajahsena anduweni kepinginan pati kang sampurna, Gajahsena perang nglawan Narodo, apa kang dadi syarate yen Gajahsena pengen pati kag sampurna yaiku tumindak becik lan ngalahke bayi kang isih awujud bungkusan kawah. Bayi iku umur 15 wulan ana ing buntelan kawah.
            Ana ing alas Minarsaya Prabu Pandu Dewanata nemoni bayi kang isih awujud bungkusan kawah mau, lan mucap “ kowe bakal dadi calon Senapati ngger jabang bayi....” bakal dadi Ratu ing Negara Ngastina . Baratayuda ketemu Prau Pandu Dewanata saperlu mbahas bayi kang isih awujud bungkusan kawah kuwi yaiku Baratabayu.
            Nanging satunggaling papan Gajahsena akhire nemokake bayi kang dadi penggalihe kuwi isih awujud bungkusan kawah. Banjur dicedhaki lan disrudug karo Gajahsena. Saknalika pecah bungkusan mau lahir  prawakan gagah gedhe lan dhuwur “Bratasena” kang bkal dadi Ratu ing Negara Ngastina sing ning jero mau manjing Gajahsena.
            Pandu Dewa Nata ketemu karo Bratasena putrane Werkudara, Bratasena ngudi dawuh yen negara Ngastina pengen dibangun kamulyan kanggo batire ( Pandawa ) sing ana ning alas Mertani. Banjur wis taruung Bratasena tekan ing alas mertani lan mbabat alas mau kanggo kamulyan Pandawa.
            Raden Rendrawasta ning alas kepethuk karo Hanoman putih (  kakange Bratasena) Rendrawasta ngakong kakange nyegah Adhine Bratasena sing arep mbabati alas Mertani. Banjur ning tengah kalune Hanoman tarung karo Prajurit Jin lan tarung amarga adhine ora iso dicegah .
            Hanoman tarung karo Kurupati banjr dipanah karo kurupati, lan ing satunggaling penggalih Jin Barbarat (Baladewa) tarung karo Brotosena kang lagi mbabati Alas Mertani .
            Bratasena ketemu karo jin Dandul wacana lan tarung. Uga jin kuwi ketemu karo Yudistira mbahas Kedaton Rendawasta sing akhire teka Pandawa 5 sing diketuai karo Bratasena.
            Ing antarane petemuan mau Jin Dandul Wacana masrahake Negara Ngastina karo Pandawa 5 lan Bratasena kanti ikhlas legawa anggone masrahake. Dandul Wacana lunga karo batire.
            Bratasena di perintah karo Punakawan yen dheweke kon lunga ing Samudra Minang  Kalbu ning Segara. Anggone ngutusdi keki pilihan yen arep lunga ing Samudra Minang kalbu Segara Kidul utawa Lor. Nanging Bratasena milih Segara kidu,tekang ning Samudra Minang Kalbu ana Ulo naga cacahe telu saka njero banyu, banjur perang lan naga mau dikalahke Bratasena. Ing antarane kuwi ana Werkudara lan di jegurake ana Ing Kawah Candra Dimuka kanggo kamulyane.














0 komentar:

Posting Komentar