Pages

Banner 468 x 60px

Selasa, 14 Januari 2014

Sinopsis Wayang SEKAR JATIKUSUMA

0 komentar

                                       SEKAR JATIKUSUMA
(Wisnu Sri Widodo)
 Jayabaya No. 26, 1 Maret 2009

sowane Prabu Anom Gathutkaca miwah raka Wasi Hanantareja iya Dyan Antareja, kang lelorone pada sowan sinuwun Prabu Drupada. Para Pandhawa maring alun-alun, mengkono uga Dyan Gathutkaca-Antareja. Prabu Puntadewa miwah Raden Nangkula-Sadewa numpak kreta kencana kairing wadya pendherek sawetara. Raden Antareja ambles ning njero bumi, Prabu Anom Gathutkaca ngambah dirgantara. Dene Sang Werkudara lumampah dharat.
sang Prabu Anom Gathutkaca ngambah lemah dirgantara. Gelang Minangkara cinandhi rengga, kinancingan retna ing praba. Sampad busanane sang Gathutkaca, gya ngrasuk wasiyat peparing dewa. Kontang Antrakusuma sranane bisa mabur tanpa elar. Caping Basunanda yen ana udan ora kodanan, ana panas tan kepanansan. Kasut Padukacerma, walungsune Hyang Anantaboga. Sang Tetuka gya tumenga ing akasa tumungkul ing pertiwi, sumusup ing mega malang.
Sauntara iku sang Bima sigra samapta busana arsa lumaksana. Haria Bima gya samapta dennya arsa lumaksana. Kacarita Dyan Werkudara yen lumampah tanpa marga, mung kairing sindhung riwut bayu bajra, hambener tanpa menggok. Wauta Harya Sena wis mateg aji Jalasengara, Wungkal bener, Blabag pengantol-antol miwah bandung bandawasa, mijil prabawa angin bayu bajra lelima sami lumampah. Bayu abang mayane sang yaksendra Jajag Hreka, bayu kuning mayane Resi Maenaka, bayu putih mayane Resi Mayangkara, bayu ijo mayane Gajah Setubanda, bayi ireng mayane Sena pribadi. Lelima tunggal bayu sadaya kawengku sang Haria Sena minangka penunggale Bayuputra.
Meh rahina semu bang Hyang Haruna kadi netrane angga rapuh. Parandene ing padhepokan Jatisarana sang puthut Jatiwasesa sru manungku puja ing sangajenge sekar Jatikusuma, kang mekare among ing saben mangsa Palguna. Sang Anom kekalih kapanembrama miwah tinanya asale. Durung nganti tutug anggone pirembugan, kedadak ana kedadeyan kang mung sapanginang nanging wis kuwawa gawe gendra ing padhepokan Jatisarana.
Kanthi cepet sekar Jatikusuma wis ana tangane Begawan Kumarayekti. Katgadeng tyas puthut Jatiwasesa sru anawung tikbra. Nadyan Bimaputra kekalih tan katalompen mbantu si puthut. Kanthi gumuyu lakak-lakak si Kumaryekti sru pasang kuda-kuda, ngempakake jurus “Tri Wahana”, awit lawan telu cacahe. Puthut Jatiwasesa sarwi kirig nyerang kanthi jurus “Wanara Rukem”, dene Sang Gathutkaca ndhupak ngidak nguntir marang lawan. Raden Antareja nyoba mblesegake si Kumarayekti mring bumi. Nanging dudu Resi Kumarayekti yen gampang pasrah kanggo bal-balan lawan. Katitik purnane yuda sang Kumarayekti mbalang kemayan pengabaran agawe si puthut lemes ilang otot bebayune. Dene para Bayu putra yayah asawang layon. Puthut Jatiwasesa rinayuk dening Resi Kumarayekti linebokake jubah, kempal klayan Sekar Jatikusuma. Rumangsa wis kasil, sang Begawan Kumarayekti nulya mentar.






0 komentar:

Posting Komentar