Pages

Banner 468 x 60px

Selasa, 14 Januari 2014

Sinopsis Wayang Pedhut Ing Madyaning Bengawan

0 komentar

Pedhut Ing Madyaning Bengawan
(Supardi Sastrodiharjo)
 Panjebar Semangat No. 50 – 13 Desember 2008

Krungu gersahe rara amis ing duwur prahune.kang kelingan ganda amis. Aran penyakit apa? Ora sithik bapake rara amis ngundang tabib kondhang. Rasane ganda amis kudu lunga saka Rara Amis. Rara amis uga judeg dewe.
Ing atarane rasa swargane ndonya kang lagi dipucuki, Rara Amis pancen ndeleng pedhut putih kang ngemuli praune. Rara Amis mantep yen aman saka pandelenge mripat liyan. Mula dheweke siyap nandhingi krodhane Resi Palasara kang pilih tandhing.
Rara amis wes ganti jeneng telung sasi. Muntah-muntah. Iku mung gawan bayi tangi turu Setyawati mung plonga-plongo. Setyawati mudun, lan lalai lawange kuwi drung di kunci.
Atine ora penak, bener gragab-gragap ning ngisor bantale resi palarasa banjur ana tulisane lan diwaca.
“Setyawati, aku nyuwun ngapura lungaku tanpa pamit, yen pamit mesti ora diijini.” Isinesurat mau.
Setyawati, aku lunga tumindak ngleksanaaku tugase para resi, ora usahmikir sing ora-ora maring awakku, yen besuk anake lahir jenengke Abiyasa.
Setyawati urip ing adoh karamean, supaya ora konangan , sak wise anakmu lahir ,kowe bakal dianggep prawan  lanmbesuke sliramu bakal wengku dening Ratu Gung Binathara saka negara Hastinapura kang jejuluk Prabu Sentanu.
Sak wusemaca, setyawati meneng klakeb lan njubleg.







0 komentar:

Posting Komentar