Rawa
Tambak 3-Tamat
(Dening Sriyono R.)
PANJEBAR SEMANGAT No.35-29 Agustus 2009
Ing Samodra ana Dewa iku yaiku Sang Hyang Baruna . Sang Hyang Baruna ndhelok, Citrane
Sri Ramawijaya sing saya kethok nalika dadi Dewa. Sang Hyang Baruna uga mirsani
nesune sang Hyang Wisnumurti nalika
ngasatke kali segara . nanging dheweke ndeloke ora pati cetha. Sang Jarwata
bakal marani bakal marani yen durung iso nglemburke jadag lan Sang Hyang
Kesawa.
Sri Ramawijaya ditakoni Sang
Hyang Baruna, kok bisa deweke di utus ngasatke segara? Akeh bajule yen dheweke
arep ngasatke segara. Tujuane namung supaya bisa dumugi Ngalengka.
Segara bisa dadi asat tetep wae isih ake bajule lan watu karang sing
landhep uga bisa natu wong sing pada lewat. Supaya bisa dumugi Ngalengka ,
wadyabala di utus nggurugi segara karo watu-watu kuwi. Saka kuwi Sri Ramawijaya sarujuk marang rembuge Sang
Hyang Baruna.lajeng, Dheweke nimbali Agniastra. Agniastra diutus ngeculke Barunastra. Banjur akeh wong sing pada teka ,
Sang Hyang Baruna ngendika yen bakal ana sing ngelemke watu ing segara kanggo nuruti
panyuwune Sang Hyang Ramawijata marang Sang Juwata. Lajeng , Dheweke ngucak karo
Prabu Sugriwa, yen Prabu Sugriwa diutus nyepakake wadyabala kanggo nggurugi
segara. Banjur, Prabu Sugriwangutus Bupati suapaya bisa nggurug segara karo
watu.
Wadyabala diutus nyebar watu ing sak anane arah. Wadyabala pada jejer-jejer nguncalake watu
sing bakal gawe ngasatke segara. Sektine Wadyabala ora gelem dikalahke , para
kadang pada kentokake sakti kanggo mindah gunung ginawa ana segara. Ana sing bisa nyigar
gunung. Semono mau dipimpin karo Bathara
Wisakarma saka undhagine Bathara Endra. Gunung-gunung mau uga bisa di uncali
watu dening wadyabala. Banjur pada gotongroyong ana klilip kang teka, sing gawe
Wadyabala padha mati. Banjur kadadeyan kuwi pada lapur marang Prabu Sugriwa. Sang Koda Wibisana mara
kanggo ngeti kahanan segara. Ning segara, ning tambak dheweke weruh yuyu
raksasa uga Dheweke lapur marang Sri
Rama yen sing ngrusak tambak wadyabala iku yuyu ditya Sayungsrani utawa
yuyurumpung sing wujud asline Prabu Dasamuka. Ratu yuyu Dewi Rekathayaksi sing manggon
aja Tirtakadhasar. Yuyune iku sekti banget. Ninapi yen wis ning dharatan yuyune
bisa dikalahke . saengga Sri Rama nuruti
pangucape Prabu Sugriwa. Lajeng ngutus
Anoman.
Banjur, Sang Bayuputra golek cara supaya yuyurumpung gen supaya
bisa mentas ing dharatan . akhire
yuyurumpung iku bisamentas ing dharatan lan kepancng karoumpan mau. Para
wadyabala sing wis siap-siap mau langsung ngrubut yuyurumpung. Jaya Anggada ngangkat
gunung uga ditibakake ning awake yuyurumpung mau nganti mati.
Wis ora ana sing ngalangi pekerjaan kuwi margane yuyurumpung wis
mati, para wadyabala nglajutake nambak segara, lan gunung-gunung ning ngisor segara bisa di tutup karo watu. Segar
sak iki dadi tambak raksasa sing wis di ubah karo Wadyabala. Tambak Raksasa iku
nyigar segara saka pesisir lor sukuning gunung Mahendra notog pesisir kidul
perenging gunung Suwela bumi Ngalengka. Banjur, Tambak raksasa iku disebut
Situbandalayu utawa Setubandat buta.
Sri Ramawijaya mriksa segara. Dheweke numpak tandu kanggo mriksa
segara. Nalika tekan segara, dheweke dolanan ning pinggir segara. Nanging
tandune disaut karobajul . Saka kedadeyan mangkono, anoman nyaut Sri Ramawijaya
supaya ora kena bebayan. Sahingga Bajul iku namung bisa nguntal tandhu
mau.Prabu Sugriwa krungu yen ana gegeran kethek Saraba. Kethek Saraba iku
ngamuk amarga bajul iku wis malsu dadi saraba.
Nalika kethek-kethek mau mepe ana ning pinggiring segara. Dheweke
weruh gombolan saking Sang Baliputra. Banjur
kanda karo Prabu Sugriwa. Nanging, Prabu Sugriwa malah langsung balik banda
tangane Saraba. Prabu Sugriwa arep nebas gulune kethek Saraba amarga kethek
Saraba iku wis wani nyoba mateni Sri Ramawijaya. Nanging nalika arep ditebaske
gulune, Raden Wibisana menging Prabu Sugriwa supaya ora nugel gulune kethek
Saraba amarga kethek Saraba iku dudu Saraba nanging Bajul Saraba iku sejatine
Prabu Rawana sing namung diutus Prabu Dasamuka kanggo mateni Sri
Ramawijaya.Saka pepenginge Raden Wibisana, Prabu Sugriwa nyemplungke kethek
saraba ing banyunan.
Ning njero banyu, kethek weruh bajul raksasa ana ing nero segara . dheweke
gelut karo raksasa Saraba. Nanging, amarga kewalahan kanggo ngalahke Raksasa
Saraba amarga kanggo ngalahke Bajul iku ana ing banyu, ora kena dianggep
sepele. Banjur, Kethek Saraba iku langsung mlayu menyang dharatan mancing Bajul
ikumentas saka banyu supaya bisa ngalahke Bajul iku. Ana ing dharatan, bajul
raksasa iku bisa mentasing dharatan.bajul iku nglahke kethek nanging orabisa,
soale dibanto karo Wadyabala sing para akeh grombolane, bajul mau kalah lan di
cemplungake segara lan dadi pakan iwak ning segara iku.
Sawise bisa ngalahke bajul mau rombongnepada menyang ngalengka, lan
kethek susenadipimpin karo wadyabala sing jumblahe ana satusan.
Rombongan mau ngliwati setubandalayu, lan uga tekan ning panggonan
sing dituju.
0 komentar:
Posting Komentar