Pages

Banner 468 x 60px

Minggu, 09 Juni 2013

Cerita Rakyat Baruklinting

11 komentar

BARUKLINTING
Jaman biyen ing satunggaling tlatah Lopait Ambarawa Jateng, trepe ing desa kang jenenge desa Banarawa, dipanggoni dening wong-wong kang sregrep olehe nyambut gawe.ing sawijining dina, ana satunggaling warga kang nganakake pista slametan. Akeh para tangga sing teka kanggo nyumbang tenaga kanggo ngringanake pagaweyane sing duwe kajat. Gotong royong, kerja bareng-bareng wis dadi pakulinan lumrah ing laladan kono.
Ana satunggaling cah wadon sing kapengin melu mbiyantu ing acara masak-masak kasebut. Nanging dheweke lali nggawa lading. Banjur dheweke gage nggolek silihan lading. Kanthi dheweke ketemu satunggaling pertapa jenenge Ki Hajar Salokantara kang wektu iku katon lagi nggawa lading. Tanpa mikir dhawa maneh, cah wadon iku njaluk idin kanggo nyilih lading duweke KI Hajar Salokantara. Wektu menehake lading marang bocah wadon iku, Ki Hajar Salokantara weling supaya aja nganti mangku lading iku. Bocah wadon iku nyaguhi. banjur pertapa iku lunganinggalake cah wadon. Durung adoh olehe pertapa kuwi lunga, dheweke noleh ing kepering cah wadon iku lan ngengetake maneh supaya ora mangku lading iku amarga bakal dadi bebaya. Bocah wadon iku ngangguk tandha sarujuk.
Ing kahanan masak-masak, kabeh padha katon rebut tumandhang ing pagaweyane dhewe-dhewe. Amarga kekeselen, kanthi ora eling cah wadon iku mangku lading kasebut. Jebul cah wadon iku nglalikake dhawuh saka pertapa mau.
Jebul dhawuh saka pertapa iku bener. Amarga bocah wadon iku wis nglanggar dhawuhe satunggaling pertapa kang jenenge Ki Hajar Salokantara, saiki bocah wadon kuwi nembe mbobot. Kamangka cah wadon iku during karma. Cah wadon kasebut kaget ora percaya karo apa sing dialami iku. Bocah wadon iku mung bisa pasrah nrima kadadeyan kasebut.
Wis pirang-pirang sasi kapungkur. Wektune bocah wadon iku babaran/nglairke. Dheweke digawe kaget ora percaya maneh nalika weruh anake iku dudu bayi lucu nggemesake ananging, awujud ula naga, salah satunggaling kewan kang dawa banget! Banjur dheweke eling marang dhawuhe pertapa kang wis dheweke lalikake. Sawise nglairake anake iku,cah wadon nemen olehe donga njaluk pitulungan marang Gusti Pangeran, apa kang kudu dheweke lakokake.
Gusti Pangeran banjur paring wangsulan marang pitakonane cah wadon iku,yaiku ngendika upama lading duweke KI Hajar Salokantara iku dudu lading kang biasa, lan anak sing lair saka welasane cah wadon iku uga dudu ula naga biasa. Dheweke iku Baruklinting, yaiku salah satunggaling utusan saka Gusti Pangeran. Gusti Pangeran uga njaluk marang cah wadon iku supaya nggawa anake iku mara ing puthuk sakupenge Gunung Telamaya kanggo ketemu ramane kang ora liya yaiku Ki Hajar Salokantara.
Banjur ora perlu ngenteni suwi maneh, cah wadon iku mangkat mara ing puthuk Gunung Telamaya karo anake Baruklinting kanggo nindakake panyuwunane Gusti Pangeran, yaiku nemokake Baruklinting karo Ki Hajar Salokantara. Sawise tekan ing puthuk, cah wadon iku ninggalake Baruklinting ing kono. Ing gunung iku, Baruklinting ketemu bapakke. Ki Hajar Salokantara bakal ngakoni Baruklinting iku anake yen Baruklinting bisa lan saguh ngubengi Gunung Telamaya kasebut. Gunung iku kudu bisa diubengi sakabehe awake. Baruklinting nyaguhi. Sanadyan Gunung kasebut  ora patia gedhe, lan awake Baruklinting uga patia dhawa, ananging awake iku durung bisa ngubengi Gunung kasebut. Sirahe durung bisa ketemu karo buntute. Nanging Baruklinting nduweni tekad kanggo nglaksanakake dhawuhe ramane iku. Baruklinting banjur njulurake ilate lan sakabehe Gunung iku bisa diubengi dheweke. Nalika ilate dijulurake, Ki Hajar Salokantara weruh ana cahya kang sumunar saka kasektenane lading sing biyen dheweke silihake marang satunggaling bocah wadon ing acara slametan desa. Dheweke banjur ngiris ilate Baruklinting. Banjur irisan ilat kasebut malih dadi sawijining tombak. Ki Hajar Salokantara banjur paring dhawuh marang Baruklinting supaya tapa ing GunungTelamaya.
Dina terus ganti dina liyane. Baruklinting olehe tapa wis puluhan taun suwine, nganti awakke iku wis ora katon maneh minangka ula, kaya-kaya awakke iku wis dadi siji karo alam. Amarga saking suwine olehe tapa, awak Baruklinting dadi lumuten lan ketutupan wit-witan. Ing sawijining dina, ana lurah saka desa Banarawa lunga ing puthuk karo para punggawane. Dheweke kabeh duwe niat golek kewan alas kanggo keperluane adicara ing desane minangka wujud rasa syukur kanggo sakabehe rezeki kang wis ditrima, uga panyuwunan supaya bisa adoh saka pepalang apa wae. Nanging sasuwine golek, ora ana siji-sijia sing kasil entuk kewan beburon. Lurah lan para punggawaneiku padha leren ing sangisore wit-witan kang gedhe banget. Ora sengaja salah satunggaling punggawane lurah kasebut nancepake lading ing oyod wit-witan ing papan palereman iku, sanalika oyod sing kena lading mau metu banyu kang wernane abang kaya dene getih. Sabanjure dpriksa nganti tliti, jebul oyod mau salah satunggaling ula naga sing gedhe banget. Banjur lurah iku paring dhawuh marang para punggawane kanggo nyembelih ula kasebut, ngiris-iris nganti cilik kanggo  dipangan bareng nalika slametan mengko. Jebul, tanpa ana wong kang ngerti, ana secuil daging sing malih dadi bocah lanang. Dheweke iku Baruklinting, utusane Gusti Pangeran, sing durung rampung ngleksanakake tugase. Dheweke gering, kumel, lan awake kebak kudis lan  gandhane bacin.
Dheweke lumampah tumuju desa. Tekane Baruklinting ing tengah-tengah pista desa katon mencolok dhewe, ning ndi wong-wonge padha macak ayu-ayu, bagus-bagus lan wangi. Kabeh wong padha mangan lan ngombe nganti wareg. Banjur Baruklinting lumaku nyedhak ing satunggaling warga kanggo njaluk welas asihe warga kono. Ananging, saka warga siji ning warga liyane sing wis dheweke temoni, ora ana siji-sijia sing sudi menehake panganan utawa ngombe marang dheweke. Kabeh wong kang ana ing pista iku mung mentingake awake dhewe, seneng-seneng, tanpa ndheleng wong ing sakiwa tengene sing sarwa kekurangan.
Baruklinting lumampah ninggalake pista. Ing dalan, dheweke terus wae ngrintih lan sarana nyekeli wetenge. Wektu iku dheweke weruh ana satunggaling mbok-mbok tuwa sing banjur ditekani. Mbok tuwa iku jenenge Mbok Randha Dhadhapan. Marang dheweke, Baruklinting njaluk mangan lan ngombe. Amarga melas weruh kahanane bocah iku, Mbok Randha banjur menehi mangan lan ngombe saanane marang Baruklinting. Bubar mangan, Baruklinting ngucapke matur nuwun marang Mbok Randha amarga mung dheweke siji-sijine wong kang gelem lan sudi menehi dheweke mangan lan ngombe. Sadurunge lunga, dheweke weling marang Mbok Randha supaya nyepakake lesung lan enthong, lan upama mengko krungu swara pambengoke warga, Mbok Randha kudu cepet-cepet ninggalake desa kasebut kanthi migunakake lesung lan enthong kasebut. Lesung ditumpaki kaya dene prau, dene enthong dadi welahan, kaya dene welahan prau kang sabaene. Sabanjure Baruklinting weling kang kaya mangkono iku, dheweke banjur lunga ninggalake Mbok Randha lan ndhuweni niat kanggo mbalik ing pista mau.
Ing tengah-tengah pista, Baruklinting njupuk sada lan ditancepake ing lemah. Kabeh mripat mung tumuju ing dheweke, lan padha ngrasa nggumun marang tingkahe iku. Banjur Baruklinting ngomong kanthi mbengok, “Heh warga desa, kowe kabeh sing rumangsa wani lan gagah prakosa, dhelengen! Aku nganakake sayembara kanggo kowe kabeh! Sapa kang bisa nyabut sada iki, bakal entuk hadiah!”  ucape Baruklinting entheng. Nyabut sada saka lemah , sing ditancepake dening satunggaling bocah gering, elek, temtu dudu pagaweyan kang angel, batine satunggaling warga. Banjur saben warga gentenan nyoba nyabut sada iku. Nanging ora ana siji-sijia warga desa kang saguh nyabut sada iku saka lemah. Sada kasebut kaya-kaya nduweni oyod sing kuat sing nancep ing lemah iku.
Nalika kabeh wong sadesa wis padha nyerah, Baruklinting maju mengarep lan ngomong, “Wahai kabeh warga desa, ngertia! Aku iki salah satunggaling utusan Gusti Pangeran sing tapa ing puthuk Gunung Telamaya. Tapaku wis kokrusuhi! Kowe kabeh masak dagingku kanggo kaperluane pista iki. Lan sing luwih kebangeten maneh, ora ana siji-sijia saka kowe kabeh sing gelem mbagi mangan utawa ngombe karo wong liya sing kekurangan. Kudune kowe kabeh isin, amarga nganggep bocah elek lan kudisen iki ora pantes mangan bareng karo kowe kabeh. Kamangka, dheweke iku uga padha-padha titahane Gusti Allah. Mula dina iki Gusti Pangeran bakal aweh pidana marang kowe kabeh!”
Baruklinting nyabut sada kasebut tanpa rekasa ngetokke tenagane. Saka luwangan bekas sada iku ditancepake, banjur metu banyune. Luwangan kasebut ora mandeg-mandeg olehe ngetokke banyu. Saya suwe saya deres. Warga desa padha playon nyoba nylametake awake dhewe amarga dirasa bakal ana banjir bandhang. Mbok Randha kang krungu swara pambengoke warga kono, banjur eling marang pesene bocah kudisen mau. Banjur dheweke gage numpaki lesung kaya dene prau lan nggunakake enthong kaya dene welahan. Banyu wau wis ngebaki laladan iku dadi rawa kang amba banget. Kanthi saiki, laladan kasebut diarani Rawa Pening. Lan saka akehe warga desa mau mug siji kang kasil slamet, dheweke yaiku Mbok Randha Dhadhapan.
Lakune Mbok Randha kang tanpa daya kasebut lumaku mengalor nut ombaking banyu. Anggone numpak lesung kang kaya prau kasebut, ora krasa wis tekan papan panggonan kang sepi, adoh parane saka papan sakawit. Playune prau mangalor terus saka papan kawiwitane banjir. Lakune wis suwe nganti pirang-pirang dina. Weteng luwe ora dirasa, pancen wayahe banjir ora ana kang dodol sega lan jajan liyane. Amarga saking kesel lan pegele, mula tangane Mbok Randha nyawuk banyu arep kanggo ngombe. Kanthi ora sengaja ndemek lemah utawa dharatan. Prau kang ditumpaki uga kandhas. Amarga praune ora gelem mlaku lan kandhas, mula lakune Mbok Randha mung tekan semene wae.
Tangane Mbok Randha ndemek lemah mau, banjur Mbok Randha ngendika. “Yen ana rejane jaman, papan panggonan iki dakjenengake Demek.” Kanthi lira-lirune pangucapan ing saben dinane, tembung Demek wusana dadi Demok lan Demak.

Ngadege Praja Medang Kamolan
Konon, jare tlatah Jawa iki tau ana ing panguwasaning praja Galuh, Prabu Sindulaya Sang Hyang Prabu Watu Gunung kang dadi Ratu ing praja Galuh, kang wis kasil gawe praja Galuh misuwur lan rakyate kabeh bisa urip makmur.
Prabu Watu Gunung kagungan sekawan putra, yaiku: Dyah Ayu Dewi (dadi Ratu ing Nusatembini), Pangeran Adipati Dewata Cengkar, Dewata Pemunah Sakti (dadi adipati ing Madura), lan kang pungkasan yaiku Pangeran Adipati Dewata Agung (kang dadi adipati ing Pulo Bali).
Miturut crita, rakyat Galuh ora seneng sing kasar karo rakyat cilik, seneng nganiaya wong, ditambah karo pakulinane sing seneng pista, saya nambah ora senenge rakyat. Siji maneh, pangeran uga seneng mangan daging manungsa. Kadadeyan iku ndadekake uripe rakyat Galuh sing maune tentrem, malih dadi wedi lan kuwatir. Wusanane, ora sethithik rakyat mulai ngungsi kanggo golek pangayoman.
Kadadeyan kang kaya mangkono iku jebul wis keprungu tekan Sang Prabu. Sabanjure dheweke ngerti yen anake dhewe sing dadi sebab sambate rakyat nganti kaya ngono, mula kanthi murka sang paduka ngundang anake iku. Dheweke uga isin lan ngrasa kuciwa. Amarga duka, dheweke ngumpat kanthi kasar lan paring dhawuh supaya Dewata Cengkar bisa ngrubah sikape iku, yen ora Dewata Cengkar kudu lunga saka istana. Dewata Cengkar ora bisa ngomong apa-apa, atine wis kadung lara krungu tetembungane ramane, dheweke banjur menyat saka lungguhe lan ninggalake istana tanpa pamit, sinambi nyawang ramane kaya-kaya nantang.
Ing wektu kang ora suwe, Dewata Cengkar wis kasil ngumpulake prajurit istana kang isih setya marang dheweke lan melu ninggalake praja Galuh. Kanthi ndhelik-ndelik, dheweke kabeh mau tumuju wetan. Wusanane dheweke kabeh wis tekan ing sawijining panggonan ing pegunungan Kendeng, sing adep-adepan karo Teluk Lusi. Weruh laladan kang cocok lan uga strategis iku, Dewata Cengkar banjur mbangun satunggaling papan kaya dene istanane, banjur ngangkat awake dhewe dadi Raja kanthi ajejuluk Prabu Dewata Cengkar. Kanggo mbiyantu urusan pemerintahan, mula Aryo Tengger didadekake patih lan Rudo Peksa diangkat dadi tumenggung. Prajane Dewata Cengkar jenenge Medang Kamolan.
Saya suwe saya makmur lan uga misuwur praja iku. Kanthi lumantare wektu, rasa dhendheme Dewata Cengkar marang ramane Prabu Watu Gunung wis sirna, umpamaa ora kepangan omongan Aryo Tengger lan Rudo Peksa. Dhendhem iku metu maneh. Sang prabu dhewe sing ngumpulke kekuwatan kanggo ngrebut praja Galuh.
Wektu iku praja Galuh nembe ing kahanan kang ora siap perang. Awit kadadeyan rakyat akeh sing ngungsi lan banjur ditutake rakyat liya lan ora ana sing gelem balik maneh, Galuh dadi suwung lan kekuwatane para prajurit uga saya pepes tanpa daya. Iki ndadekake prabu Watu Gunung dadi sedhih. Ing kadadeyan kang kaya mangkono iku sang prabu krungu ana serbuan saka praja liya sing jebule dipimpin dening putrane dhewe sing nate diusir biyen, dheweke duka.
Prabu Watu Gunung ora kuasa nglawan napsune Dewata Cengkar, sabanjure diengetake putrane, dheweke mesti lila mati diantem gada Dewata Cengkar.
“Modar kowe keparat!” pambengoke Dewata Cengkar. Bebarengan karo anteman iku, ana cahya kang padhang banget. Prabu Watu Gunung ngilang, barengan karo praja lan rakyat Galuhe, banjur malih dadi alas. Saka njero alas, keprungu ana swara Watu Gunung nyabda putrane: “Dewata Cengkar, kabeh wis kadadeyan. Kanthi sipat-sipatmu kang kaya kewan iku, mengko bakal dadi kasunyatan.”
Dewata Cengkar sempet kuwatir keprungu anceman iku, wedi yen dadi kasunyatan. Ananging Aryo Tengger lan Rudo Peksa enggal ngalihke prasaane sang prabu kanthi nyanjung kemenangan iki. Para prajurit uga seneng balik ing Medang Kamolan. Dheweke kabeh wis ngrencanakake arep padha pista.
Rakyat pada siap-siap nyambut tekane para prajurit lan rajane saka palagan perang. Umbul-umbul kang warna-warni dipasang ing sadawane dalan, omah-omah padha direngga. Sing wadon nyepakake mangan. Sing nari uga siap-siap arep manggung.
Ing pawon, saking mempenge, salah satunggaling cah wadon kekethok jenthikke. Dheweke banjur mlayu ing kamar kanggo njupuk obat, nanging dheweke kaget amarga nalika balik ing pawon maneh, jenthikke mau wis ora ana, ketokke melu nyampur ing janganan. Ora mungkin kanggo dheweke nggoleki jenthikke ing antarane daging-daging kang wis dimasak kabeh.
Pistane rame banget. Sang prabu ngundang kabeh rakyate saperlu mangan-mangan. Sing nari padha sengkut anggone gawe senenge penggalihe sang prabu lan prajurit-prajurite.
Sabubare pista, sang prabu ngundang Aryo Tengger.
“Kakang patih, reneya sedhiluk…”
“Wonten menapa, Gusti?”
“Saiki daktakon, daging apa sing paling koksenengi?”
“Daging sapi, Gusti.”
“Goblok! Daging sing paling enak iku ya daging manungsa. Nalika aku ing praja Galuh, aku iki asring mangan daging manungsa, nganti aku didukani lan diusir karo Rama. Sawise ing kene, aku wis ora eling maneh kepriye rasane daging manungsa iku, menawa mau ora ana prastawa ing pista mau ngenani ana jenthik manungsa kang melu kecampur ing jangan.”
“Loh, menapa wau wonten daging manungsa, Gusti?”
“Ana, ananging ora sengaja. Mbok menawa mau ana satunggaling tukang masak sing jenthikke kekethok lan banjur melu kecampur dadi siji ing janganan.”
“Edan! Matia yen mengko ketangkep!”
“Aja ganggu dheweke, kebeneran malah. Jenthik iku mau ndadekake uripku sansaya bregas. Mengko bakal ana pagaweyan anyar kanggo kowe, kakang.”
“Pedamelan menapa, Gusti?”
“Wiwit sesuk kowe kudu bisa entuk manungsa sing daginge mau melu kecampur dadi siji ing jangananku.”
Keprungu kaya mangkono, patih Aryo Tengger kaget ora percaya. Ananging gelem ora gelem dheweke kudu nindakake dhawuhe Gusti. Ora nyana, prastawa iki ndadekake memala kanggo rakyat Medang Kamolan. Korban sepisanan, patih njupuk napi saka pakunjaran, nganti kabeh wong ing pakunjaran entek. Banjur golek nom-noman desa. Akeh nom-noman sing metu bengi banjur ngilang ora tau balik maneh.
Nanging, saprimpen-primpene manungsa nyimpen bathang, mesti bakal mambu uga. Rakyat banjur akeh sing minggat saka praja Medang Kamolan. Patih mulai bingung anggone golek korban, apa maneh ditambah tingkahe raja kang ora sabaene. Lumrahe prabu njaluk daging wong lanang, ananging saiki njaluk daging wong wadon. Patih bingung amarga wis ora ana maneh wong wadon sing manggon ing kono. Nganti ana pawarta yen ing omahe Kaki Grenteng isih urip satunggaling wong wadon sing bisa didadekake korban. Patih paring dhawuh kanggo kabeh punggawane supaya ngrudug omahe Kaki Grenteng.

Ajisaka lan Baya Putih
Ora disebutake saka ngendi asale Ajisaka. Ananging dheweke iku satunggaling sufi sing nyebarke agama ning Medang Kamolan, bareng karo kanca-kancane, Dora lan Sembada.
Konon, tombak kagungane Ki hajar Salokantara saka tugelan ilat Baruklinting, saiki dadi duwekke Ajisaka.
Kanthi nggunakake prau, dheweke kabeh tumuju nagari sing makmur iku, nganti tekan ing papan panggonan sepisanan, Nusa Majedi, sing saiki jenenge Bawean. Saka kono Ajisaka nyepakake piranti lan uga sangu. Dheweke wis mutuske yen arep mbacutake lelakon urip bareng Dora. Ewadene Sembada ditugasi kanggo tetep ing Nusa Majedi , sinambi ngreksa barang-barange dheweke kabeh. Tombak pusaka mau dititipake marang Sembada kanthi  ninggal dhawuh supaya ora menehake tombak pusaka iku marang sapa wae, kajaba Ajisaka dhewe sing njaluk. Sembada nampa dhawuh iku kanthi manud lan lila.
Ngliwati samodra, gunung lan alas, Ajisaka lan Dora nuli mlebu tlatah Medang Kamolan. Nanging dheweke kabeh kaget nalika ketemu para warga Medang Kamolan  sing katon kesusu arep metu gapura desa. Para warga rasa-rasa semaur nalika ditakoni Ajisaka, malah katon wedi, kaya-kaya kraya diancem saka mburi. Ajisaka lan rombongan sansaya curiga nalika ngliwati pirang-pirang desa suwung. Yen ana, sing manggon ing kono mung wong-wong tuwa.
Wusanane, dheweke kabeh tekan ing sawijining omah kang asri lan amba latare. Dheweke kabeh ndhodhog lawang lan disambut kanthi curiga karo Kaki Grenteng, sing duwe omah. Sawise ngerti yen dheweke kabeh mau mung pawongan kang ora dikenal, Kaki Grenteng banjur nyumanggakake mlebu. Intine, dheweke kabeh mau dadi ngerti kenapa rakyat pada ngungsi.
Kaki Grenteng banjur nyritakake kekuatirane amarga ing omahe ana wong wadon jenenge Roro Cangkek. Amarga mesti saiki dheweke digudag patih Aryo Tengger kanggo didadekake korbane sang prabu.
Marem krungu crita lan wareg olehe mangan lan ngombe, Ajisaka njaluk idin arep nguyuh. Nalika tumuju memburi, dheweke kepethuk karo Roro Cangkek sing uga melu kaget lan isin amarga weruh separo sandhangane Ajisaka kebuka. Roro Cangkek banjur mlayu tumuju kamare, dene Ajisaka isih ora percaya amarga ana widodari ing desa kluthuk kaya mangkono.
Jebul nalika Ajisaka nguyuh mau, ana jago sing nembe ngelak, banjur ngombe banyu uyuhe Ajisaka. Ora nyana, jago mau sikape banjur malih ora lumrah, mlumpat-mlumpat katon bungah lan kluruk kaya dene babon sing arep ngendog. Roro Cangkek sing weruh kadadeyan sing ora lumrah kasebut banjur nyedhaki jago iku, banjur digawa ing pedaringan.
Wektu iku uga para punggawane patih Aryo Tengger wis ngrebeg omahe Kaki Grenteng. Dheweke kabeh diprintah kanggo nyerahke Roro Cangkek. Wusanane, kanthi peksa para prajurit nggotong Roro Cangkek saka kamare. Kaki Grenteng lan garwane kang wis sepuh ora bisa tumindak apa-apa, malah padha semaput amarga digebugi karo para prajurit-prajurit iku. Ewadene Ajisaka lan Dora dijuruge kareben ngadoh.
Roro Cangkek mbengok kanthi sora. Ajisaka banjur ngadang para punggawa sing nggawa Roro Cangkek, banjur ngomong karo para punggawa yen wanita iku nduwe lelara kang mbebayani lan bisa nular. Ajisaka banjur nglilakna awake dhewe dadi gantine Roro Cangkek kanggo didadekake korbane sang prabu. Roro Cangkek banjur nyikep sikile Ajisaka, nanging wusanane Ajisaka tetep wae lunga. Roro Cangkek lara atine.
            Nalika ngadep sang prabu Dewata Cengkar, Ajisaka lan Dora katon tenanan olehe guneman karo sang prabu, sadurunge dheweke kabeh dadi santapane sang prabu. Sang prabu jebul gelem ngugemi panjalukane Ajisaka sadurunge sang prabu mangan dheweke. Ajisaka mung njaluk sapetak lemah sing ana ing alun-alun Medang Kamolan, sajembare sorban ing sirahe. Sang prabu nyaguhi.
            Kanthi disekseni patih, tumenggung, lan sakabehe rakyat Medang Kamolan, Ajisaka mbuka sorbane, dheweke nyekeli sisih lor, lan sang prabu nyekel sisih kidul. Dheweke kabeh mau nuli ngukur, nanging sorban kasebut malah sansaya dawa lan dawa, ora entek-entek gulungane iku. Sang prabu wis nuli kekeselen lan isin disekseni rakyate kabeh, banjur nyerah marang Ajisaka. Nalika iku, sang prabu wis ing sapinggiring segara gung. Dheweke gelem masrahake kratone kanthi sarat dheweke kudu tetep urip. Rakyat ora sarujuk lan ora gelem, sakabehe rakyat wis ora sudi nampa lan ngakoni Dewata Cengkar dadi prabu ing Medang Kamolan lan njaluk marang Ajisaka supaya mateni dheweke. Kanthi donga marang Gusti Pangeran, Ajisaka banjur ngibaske sorbane. Awake Dewata Cengkar mental nganti tengah segara, ilang kagawa ombak. Banjur ana baya putih sing njedhul saka tengah segara kanthi cangkem mangap kaya-kaya katon ngelih. Baya iku nyabda Ajisaka yen dheweke bakal nguber kabeh keturunane Ajisaka.
            Rakyat padha bungah nyambut kemenangan iku lan ngangkat Ajisaka dadi Raja ing Medang Kamolan. Sang patih lan tumenggung ditangkep rakyat banjur dijegurke ing segara supaya kumpul bareng rajane.

Laire Aksara Jawa lan Bledug Kuwu
            Dadi raja sing disenengi rakyat, nduweni kraton, rakyat padha makmur lan urip mulya sarwa kecukupan, ora ndadekake Ajisaka lali marang kancane Sembada sing biyen ditinggal ing Nusa Majedi. Sang prabu banjur paring dhawuh marang Dora kanggo methuk Sembada uga tombak pusaka sing dipasrahke marang Sembada kanggo pusakaning raja.
            Dora mangkat ing Nusa Majedi, nanging ora kasil mbujuk Sembada supaya melu Dora ngadep Ajisaka. Sembada isih eling marang welinge Ajisaka biyen supaya ora nyerahke tombak pusaka kasebut marang sapa wae kajaba Ajisaka dhewe sing njaluk.
Banjur wong loro iku padha gelut, lan loro-lorone mati kabeh.
            Sang prabu sedhih keprungu pawarta iku. Banjur kanggo pangeling-pangeling kanggo kancane iku, dheweke nulis prasasti sing katulis kanggo aksara Palawa lan aksara Dewanagari. Aksara-aksara kasebut banjur misuwur dadi aksara Jawa:
Ha Na Ca Ra Ka        = ana utusan
Da Ta Sa Wa La         = padha gelut
Pa Da Ja Ya Nya        = padha sektine
Ma Ga Ba Tha Nga    = padha dadi mayite

Ewadene ing omahe Kaki Grenteng,
            Jago sing biyen dikurung ing pedaringan, saiki wis ngendog. Endhoge uga beda karo endhog-endhog liyane lan ora netes kaya dene pitik liyane. Nanging, pedaringane Kaki Grenteng iku ora tau kosong, tansah kebak terus. Kadadeyan iki gawe Kaki Grenteng lan garwane bingung, banjur dheweke kabeh mau mbongkari tumpukan pari iku, dumadakan banjur mundhur amarga keweden. Ana ula gedhe ing kono lan bisa ngomong kaya dene manungsa. Ula iku njaluk ditemokake karo Roro Cangkek ,kang diakoni ibune.
            Roro Cangkek weruh yen ula lan Ajisaka iku ana miripe, ditambah maneh pangakone ula iku yen dheweke iku asale  saka endhog satunggaling jago sing ngombe banyu uyuhe Ajisaka. Ula iku banjur njaluk idin marang ibune Roro Cangkek kanggo nemoni ramane. Dening Roro Cangkek banjur diarahke ing praja Medang Kamolan, ning kana sang prabu Ajisaka nduwe kuasa.
            Ula iku banjur tumuju papan panggonan kang dituding ibune. Awake kang gedhe, gawe omah-omah para warga lan alas kono sing rusak. Para warga padha keweden. Para prajurit kraton padha siaga, apa maneh nalika krungu ula iku mara amarga nduweni ancas arep sowan Raja.
Prabu Ajisaka ora gampang percaya ngono wae yen ula iku anakke, nanging sawise ngrungokake critane, dheweke ngerti yen pangucape ula iku bener. Nanging, Ajisaka aweh printah marang ula iku kanggo mateni baya putih sing ana ing Segara Kidul, banjur nggawa mulih ndase. Dalan bali ning Medang Kamolan kudu ngliwati pok bumi.
            Ula iku nindakake printah kasebut kanthi gampang. Sawise kasil ngelek ndas baya putih kanggo didudohke sang prabu, banjur dheweke nerjang segara, kanggo terus tumuju wetan, ing Medang Kamolan.
            Amarga ora yakin yen panggonan iku bener, dheweke njedhul saka njero lemah lan tekan ing desa Jono, Kecamatan Tawangharjo. Nganti saiki laladan kasebut misuwur, amarga separo wargane gawe ‘bleng’, yaiku salah sawijining adonan kanggo gawe krupuk lan bisa uga dadi uyah.
            Kaping pindhone dheweke njedhul saka lemah maneh yaiku tekan ing laladan Crewek, ananging jebul anggone mlaku isih adoh. Banjur kang kapin telune, kanthi ora sabar dheweke migunakake kabeh kasektenane kanggo ngetokke awake saka pok bumi. Saking gedhene awake iku, nganti ngetokke swara BLEDUG… BLEDUG…. Dheweke tekan ing desa Kuwu, Kecamatan Grobogan. Nanging dheweke wis krasa nglokro lan wusanane, dheweke nganti ora bisa mlaku maneh. Nalika iku dheweke malih rupa dadi bocah lanang. Satunggaling pertapa nemokake lan ngobati dheweke saka lelarane iku. Pertapa iku banjur nakonke saka ngendi lan apa ancase dheweke nganti tumekaning kene. Wusanane, bocah lanang iku ora bisa mangsuli pitakonan mau. Mula, banjur dijenengake Joko Linglung.

11 komentar:

Anonim mengatakan...

kudu etangan tingkat kurang kapentingan
.................................................................................................................................................................................................................................................................
Hello

Aku Mr. Galvin, a lender silihan pribadi sing menehi disilihaké ing kapentingan tarif saka 2
%, Aku kurban kanggo silihan individu lan perusahaan utawa kelompok wong sing
sing musna mudhun. Iku kesempatan financial ing Panjenengan langkah lawang
dina lan njaluk tampilan cepet kredit ana.

Ana akeh kesempatan pendanaan lan nulung ing kabèh aspèk lan
isih ngetang. Nanging kesempatan financial ing doorstep,
lan mangsa garing teka menyang mburi, lan ora bisa kantun iki unik
kesempatan. Kowe kudu pitulungan financial? Kowe kudu silihan kanggo
nggedhekake bisnis? Kowe kudu silihan kanggo miwiti bisnis ing gedhe
ukuran? Sampeyan kudu silihan sing bisa ngganti gesang panjenengan lan saiki
status financial? Kowé kudu silihan Lowongan kanggo sijine iku
ing Panggonan tengen? Banjur katon ora luwih, amarga silihan iku ngimpi
lawang langkah iki.

Layanan sing diwenehake kanggo individu, bisnis
lan wong bisnis. Jumlah kredit kasedhiya ing sawetara saka $
1,000.00 kanggo US $ 500,000,000.00 utawa pilihan aku menehi metu silihan kanggo
project, bisnis, pajak, tagihan, lan akeh liyane alasan, etangan kita
gampang lan * censored * kanggo informasi sing luwih hubungi kita dening email
: Internationalpropertyloan@gmail.com

REQUEST FOR silihan
================================
Name: ...................
Jeneng liya: ..................
Contact Address: .................
Negara: ...................
Umur: ..........................
Jinis: ....................
Phone Number: ..............
Status: .................
Pendhudhukan: ...............
posisi: .................
income saben wulan: ..............
Jumlah silihan: .................
Maksud kanggo etangan: ...............
duration: ....................
Sampeyan kudu Applied kanggo silihan sadurunge: ............
ngerti Inggris: .................

Sawetara pitakonan Dijawab (Pitakonan Paling Sering) We have a prasaja
mbentuk kanggo sampeyan isi kanggo aplikasi kanggo silihan. isi metu lan ngirim
kanggo kula. Aplikasi kalebu topik ing ngisor iki. * Wewenang *
Nyilih kredit information1.

Apa tarif kapentingan? Tarif kapentingan gumantung ing project.
Tingkat punika kapentingan saben wulan mung kapentingan tarif 2% taunan kebayar.
2. Bakal kredit sandi Matter? ora
3. Where kowe déné silihan? Kita déné silihan World
4. Suwene ora njupuk kanggo mbiayai? Sawise ngajokake silihan
aplikasi, sampeyan bisa nyana jawaban pambuka kurang saka 24 jam
lan pendanaan ing 72-96 jam sawisé nampa informasi kita kudu
saka sampeyan.
5. Apa bakal pembayaran kawula? Kang bakal diitung kanggo sampeyan lan
dikirim menyang sampeyan ing jadwal mbayar maneh alongwith istilah silihan.
We are looking nerusake kanggo hubungan bisnis kuwat karo sampeyan.
Sincerely,

Unknown mengatakan...

Hello everyone, My name is Mr. Clancy kene Dexter nyuwil MY GANTI LIFE FOR FAMILY ON CARA duwe KREDIT silihan Terjangkau sing bakal ngganti gesang panjenengan ing salawas-lawase Alok Kesaksian Natal rawuh. Aku manggon ing Florida lan aku wong wadon seneng ing Amerika Serikat dina? Aku nyuwil-nyuwil kulawarga urip lan sembarang silihan sing ngganti, aku bisa ngrujuk marang wong seeking silihan karo wong-wong mau marang dhewe. Padha kudu miwiti kabeh urip kula lan maringi rasa seneng kanggo kulawarga i $ 250,000.00 bantuan karo iki jujur lan Gusti Allah wedi nggawe silihan perusahaan US kredit minangka sawijining randa anak telu ngomong online $ 250,000.00 ana ing mbetahaken dolar silihan, lagi nemen kredit biso dipercoyo Allah Nggarap perusahaan, wong wedi. Yen sampeyan ana ing perlu kredit lan hubungi langsung lan Menengah Clency ngomong sing diarani please ora 100% manawa kanggo mbayar maneh silihan. Hubungi liwat Email: theresawalkerloanfirm@gmail.com

Unknown mengatakan...

We are ing awak financial ndhuwur, kita menehi metu etangan kanggo individu kabeh ndonya, sampeyan ing wayahe ngalami financial ing Kapabilitas? Kowe kudu silihan? Aja sing pengin kanggo netepake ing dhewe, yen jawaban iku ya ing ndhuwur sampeyan mung langkah adoh saka ngatasi sing Hitches financial?

We menehi metu sopo pribadi lan bisnis silihan lan organisasi, layanan iki bisa babagan liwat wektu tartamtu wektu kiro-kiro antarane wektu tartamtu lan limang taun karo kapentingan tarif maksimum 3%.

Kindly hubungi email ing ngisor iki kanggo yen kasengsem.

freedomfinance231@gmail.com

Panjenengan Sincerely,
Glyn Jones.

Unknown mengatakan...

We are ing awak financial ndhuwur, kita menehi metu etangan kanggo individu kabeh ndonya, sampeyan ing wayahe ngalami financial ing Kapabilitas? Kowe kudu silihan? Aja sing pengin kanggo netepake ing dhewe, yen jawaban iku ya ing ndhuwur sampeyan mung langkah adoh saka ngatasi sing Hitches financial?

We menehi metu sopo pribadi lan bisnis silihan lan organisasi, layanan iki bisa babagan liwat wektu tartamtu wektu kiro-kiro antarane wektu tartamtu lan limang taun karo kapentingan tarif maksimum 3%.

Kindly hubungi email ing ngisor iki kanggo yen kasengsem.

freedomfinance231@gmail.com

Panjenengan Sincerely,
Glyn Jones.

jeanharbourgoline@gmail.com mengatakan...


Apa seeking kanggo silihan? We offer silihan ing wilayah iki
* Home Loan
* Investment Loan:
* Auto Loan
* Utang Consolidation
* Line saka kredit
* Kaping Mortgage
* Acquisition saka kredit
* Silihan pribadi
Hubungi kula liwat email sandi ing jeanharbourgonline@gmail.com

Scott Douglas mengatakan...

Hello Pak / Mrs
We offer silihan pribadi, etangan komersial lan pribadi karo tarif kapentingan taunan banget kurang kurang 3% ing setahun kanggo 30 periode taun mbayar maneh ngendi wae ing donya. We offer silihan kiro-kiro saka 1000 kanggo sembarang jumlah sing nyuwun kanggo, hubungi kita dina Email; paydayloancompany9@gmail.com

Anonim mengatakan...

We menehi silihan kanggo bagean saka donya, kita kurban kabeh jinis lan jinis
silihan karo mbayar maneh gampang, kapentingan kita 2% ing Clear karya langgeng,
preduli saka lokasi utawa kredit kanggo njaluk Email silihan: missmaria005@gmail.com
pelamar kasengsem nyilih isi formulir ing ngisor iki

Utang INFORMASI *
* Jeneng lengkap: ...................... *
* SEX * .............................
* Umur ............................. *
* Title * ..................
* Contact: ................ *
* Negara ......................... *
* Telephone: * ..........................
* Jumlah dibutuhake minangka silihan: .......... *
* Duration Loan: .................. *
* Income Annual: .................. *
* Pagawéyan ..................... *
* Warranty: ..................... *
* Pembayaran: saben wulan utawa tahunan

THANK YOU AND Albar YOU

Coba
José María.

Unknown mengatakan...

Dear Valued Customer,

Do you need an urgent financial credit ***? * Very fast and direct transfer to your bank account * Repayment starts eight months after you get the money bank account * Low interest rate of 1% * Long-term repayment (1-30 years) Height * Flexible ***then monthly payment *. How long will it be financed? After submitting the application *** You can expect a preliminary answer less than 24 hours funding in 72-96 hours after receiving the information they need yours.

Contact this legitimate and licensed company authorized give financial assistance to anyone For more information and the application form ***

OUR COMPANY CONTACTS :
Company Email : (anatiliatextileltd@gmail.com)
Company Email : (Emaill: bdsfn.com@gmail.com)

I will relish the opportunity of doing business with you and also help to put your financial problems behind you by offering you a loan. You are in the right place. If serious and want to take a loan from our company, if you are interested fill the borrower"s information below so that we may commence the processing of your loan.

BORROWERS INFORMATION,if you are interested fill the borrower"s information below so that will can proceed.

LOAN INFORMATION NEEDED:

Name :
Country :
Phone number :
Amount Needed as Loan :
Purpose of Loan :
Loan Duration :
Monthly Income :
Have you applied for loan online before (yes or no)

OUR COMPANY CONTACTS :
Company Email : (anatiliatextileltd@gmail.com)
Company Email : (Emaill: bdsfn.com@gmail.com)
Company Motto : Your Happiness is our Award for Good Service (getting your financial stand is all we desire)

Thanks and do hope to hear from you soonest so that we may send you the loan Terms,Conditions and Repayment Schedule

Your swift response to this mail will be greatly appreciated.
All email must be sent to (Emaill: bdsfn.com@gmail.com)
Best Regards
Mrs. Magaret Becklas

Unknown mengatakan...

Dear Valued Customer,

Do you need an urgent financial credit ***? * Very fast and direct transfer to your bank account * Repayment starts eight months after you get the money bank account * Low interest rate of 1% * Long-term repayment (1-30 years) Height * Flexible ***then monthly payment *. How long will it be financed? After submitting the application *** You can expect a preliminary answer less than 24 hours funding in 72-96 hours after receiving the information they need yours.

Contact this legitimate and licensed company authorized give financial assistance to anyone For more information and the application form ***

OUR COMPANY CONTACTS :
Company Email : (anatiliatextileltd@gmail.com)
Company Email : (Emaill: bdsfn.com@gmail.com)

I will relish the opportunity of doing business with you and also help to put your financial problems behind you by offering you a loan. You are in the right place. If serious and want to take a loan from our company, if you are interested fill the borrower"s information below so that we may commence the processing of your loan.

BORROWERS INFORMATION,if you are interested fill the borrower"s information below so that will can proceed.

LOAN INFORMATION NEEDED:

Name :
Country :
Phone number :
Amount Needed as Loan :
Purpose of Loan :
Loan Duration :
Monthly Income :
Have you applied for loan online before (yes or no)

OUR COMPANY CONTACTS :
Company Email : (anatiliatextileltd@gmail.com)
Company Email : (Emaill: bdsfn.com@gmail.com)
Company Motto : Your Happiness is our Award for Good Service (getting your financial stand is all we desire)

Thanks and do hope to hear from you soonest so that we may send you the loan Terms,Conditions and Repayment Schedule

Your swift response to this mail will be greatly appreciated.
All email must be sent to (Emaill: bdsfn.com@gmail.com)
Best Regards
Mrs. Magaret Becklas

Unknown mengatakan...

Apa sampeyan kudu utang kredit kridit?
Sampeyan wis ditolak dening bank lan institusi finansial liyane?
* Transfer banget cepet lan cepet menyang akun bank panjenengan
* Pembayaran maneh wolung sasi sawise sampeyan entuk dhuwit
Ing akun bank panjenengan
* Kurang tingkat kapentingan 2%
* Repayment long-term (1-30 taun) Length
* Ketentuan pembayaran fleksibel lan pembayaran saben wulan
* Apply - Get Approval - Akun dikreditake karo jumlah Loan

================================

Hubungi kita karo mail iki
  (euchariadanielloanfirm@gmail.com).

Solusi Cepat Kaya mengatakan...

,,.,KISAH NYATA , , , ,
Aslamu alaikum wr wb..Allahu Akbar, Allahu akbar, Allahu akbar
Bismillahirrahamaninrahim,,senang sekali saya bisa menulis dan berbagi kepada teman2 melalui room ini, sebelumnya dulu saya adalah seorang pengusaha dibidang property rumah tangga dan mencapai kesuksesan yang luar biasa, mobil rumah dan fasilitas lain sudah saya miliki, namun namanya cobaan saya sangat percaya kepada semua orang, hingga suaatu saat saya ditipu dengan teman saya sendiri dan membawa semua yng saya punya, akhirnya saya menaggung utang ke pelanggan saya totalnya 470 juta dan di bank totalnya 800 juta , saya stress dan hamper bunuh diri anak saya 2 orng masih sekolah di smp dan sma, istri saya pergi entah kemana dan meninggalkan saya dan anakanaknya ditengah tagihan utang yg menumpuk, demi makan sehari hari saya terpaksa jual nasi bungkus keliling dan kue, ditengah himpitan ekonomi seperti ini saya bertemu dengan seorang teman dan bercerita kepadanya, Alhamdulilah beliau memberikan saran kepada saya, dulu katanya dia juga seperti saya stelah bergabung dengan KI JAMBRONG hidupnya kembali sukses, awalnya saya ragu dan tidak percaya tapi selama satu minggu saya berpikir dan melihat langsung hasilnya, saya akhirnya bergabung dan menghubungi KI jambrong di No 0853-1712-1219. Semua petunjuk AKI saya ikuti dan hanya 3 hari Astagfirullahallazim, Alhamdulilah Demi AllAH dan anak saya, akhirnya 5M yang saya minta benar benar ada di tangan saya, semua utang saya lunas dan sisanya buat modal usaha, kini saya kembali sukses terimaksih KI JAMBRONG saya tidak akan melupakan jasa AKI. JIKA TEMAN TEMAN BERMINAT, YAKIN DAN PERCAYA INSYA ALLAH, SAYA SUDAH BUKTIKAN DEMI ALLAH SILAHKAN HUB AKI JAMBRONG DI 0853-1712-1219. (TANPA TUMBAL/AMAN)

Posting Komentar