Pages

Banner 468 x 60px

Minggu, 09 Juni 2013

Cerita Rakyat Sunan Kalijaga

0 komentar

Sunan Kalijaga
Jaman mbiyen ning santunggaling tlatah wonten desa Tuban inggih punika Desa lahiripun Sunan Kalijagataun 1455-1586, ingkang anggadahi nama Raden Sahid Putranipun Tumenggung Welatikta lan Tum Welatekta. Tumenggung Wilatikta taksih keturunan Tumenggung Adi Ronggolawe, kanca seperguruan Raden Wijaya wekdal mbagun Kerajaan Majapahit. Saengga silsilahipunRaden Sahid saking keturunan Adipati Ranggalawe ingkang anggadahi putra Aryatejo 1, Aryateja 2, Aryateja 3 ngantos Raden Tumenggung Welatekta lan Raden Sahid. Keturunan Adi Ranggalawe ingkang beragama islam namung Tumenggung Welatikta. Tumenggung Wilatekta agamane Budha ingkah di anut wekdal semanten saderengipun agama Islam nyebar ing Jawi Wiwit cilik Raden Sahid kasebut bocah sing pinter, cak-cek kang migunani kango masyarakate, saderenge Tumenggung Wilatikta nganut agama Islam. Islam masuk dipunajaraken kalihan putra-putrane salah satunggalipun Raden Sahid. Wiwit cilik Raden Sahid ora tau kumpul srawung kaliyan masyarakat Tuban, tinapi Raden Sahid nglanggar aturanipun Rama lan Ibune, Raden Sahid kang mboten sarujuk kalihan pemikiran tiyang sepuh kang nentang idealisme lan anggadahi pemikiran yen saben wong iku duwe hak lan kewajiban kang pada lan boten wonten bedane antarane Tumenggung, Prajurit, Raja, Petani, Buroh lan liyane kang patut dihargai.
Raden Sahid saya dewasa langagah, Raden Sahid nglintut-nglintut metu saka Kadipaten Tuban kepingin kumpul lan ngerti kahanane Daerah Tuban kang wiwit cilik Raden Sahid dereng mangertosi. Raden Sahid mangertosi alesane dilarang metu saka Kadipaten, lajeng mangertosi kahanan Tuban kang rakyate pada kaliren, paceklik lan saben tahune setor upeti maring Tumenggung Welatikta ingkang dibayar ora sebanding karo apa sing di duweni ora ana penggawean sing trep lan rakyat kudu bayar upeti padalan saben dina sing di hasilke entek kanggo mangan saben dinane .Raden Sahid ing antarane mlaku ketemu kalihan Wong lanang tua kang lagi manga bonggol gedhang.Raden Sahid kagen lan mandheg anggone mlaku lan mirsani wong lanang kuwi, bubar dingeti wong lanang mau balik nglirik Raden Sahid.


“Nembe napa pak wonten mriku?” pitakone Raden Sahid maring bapak-bapak iku.Wong lanang iku mandheg anggone mamah bonggol gedhang banjur nglirik Raden Sahid kanti wajah Nanar.
 “menapa bapak mirsani kula mekaten?” wong lanang kuwi mung meneng wae. Dipun wangsuli malih pitakone
 “Nembe napa pak wonten miriku?” wajahe getar banjur ngucap
 “menawa aku wong sugeh, lan ora kelaparan aku ora baka mangan bonggol gedhang iki le”, banjur wong lanang kuwi tibo ning lemah lan Raden Sahid kaget. Wong lanang mau mati mergane ora isa mangan, Raden Sahid nangis. Banjur niku mayate di gawa maring kampung dikuburke ing daerah iku sing lagi kena musibah, akeh wong kang ora bisa mangan, ora iso kerja mergane dadah lan sawah podo garing ora kupenan akibate rakyate akeh sing pada mati. Nanging para pejabat ora tau mikirke nasibe rakyat sing susah malah pada seneng ing antarane rakyate pada mati dewe-dewe merga oramanagan .
Raden Syahit banjur bali ning Kadipaten cariyos kaliyan ibune, menawi kahanan Tuban lagi kena musibah, akeh wong pada mati ora bisa mangan lan nyambutgawe. Ibune duka marang Raden Sahid
“ apa urusanku karo rakyat-rakyat kuwi?” ,
“ngapunten bu, kula namung mboten remen kalih kahanan Tubah kang lagi ana masalah.”,
 “Kowe arep ngatur wogtuamu ?” mucap ibune. Bakal tak caritake maring ramamu kabeh masalah iki,
 “apik kangem rama dereng mesti apik kangem masyarakat bu!”,
”Lancang kowe , bakal tak laporke ramamu!”. Banjur ibune ngrembug iki maring ramane Raden Sahid dipun dawuhi ramane.

 “wonten punapa rama ?”
“kahanan ing Tuban iki le,”,
“ kahanan ing Tuban niki lagi ana masalah lan kudu diatasi rama, menawi raka kang dadi panutan lan iku dadai tanggungjawabe rama.”,
“ ngapuntene rama kula sampun lancang!”,
“ aja pisan-pisan kowe lancang karo ramamu iki, tak ngapura, yen dibaleni bakan ana imbale, yen iki kekuasaane raja” . Raden Sahid tetep nglanggar aturan ramane, saben dina metu saka Kadipaten. Ingkang dawuhin rama ora tunduk. Apa mupakat yen dadi Adipati yen ora reti rakyate pada susah. Kang kudu bayar pajang kang ora pada karo hasile oleh pakan. Kang sampun bayar manung Pejabat ora perduli. Iku kang lagi dipikirke marang Raden Sahid supayane rakyate pada bisa mangan lan kerja . Akhire Raden Sahid nekat andum mangan maring wong Daerah Tuban ing wayah mbengi  ingkang pemimpine enak-enakan thok. Ing wektu andum sembako Raden Sahid malsu gawa topeng lanrasukan sapengadeg supayane ora dingerteni wong-wong Desa Tuban yen kui Raden Sahid kang lagi malsu. Tinapa ora suwe anggene nyamar lan wenehi bantuan maring rakyat Tuban, Ana salah sawijine Penggawa utawa prajurit Kadipaten sing ngerteni yen Raden Sahid iku sing bagi-bagi mangan wektu bengi kanti njupuk bandhane wongtua kanggo rakyate. Punggawa mau lapor marang Tumenggung yen Raden Sahid iku nyamar.  Raden Sahid tangane di pecuti gawa kayu kaping 100 nanging Raden Sahid ora kapok. Dibaleni maneh tumindake kuwi, tapi sawijine dina ana wong akang nyamar kaya Raden Sahid kang gawa topeng njupuk-njupuk  bandhane di colongi kanggo urusane dewe lan anakbuahe, banjur bobol omahe salah sawijine warga wong sing nyamar iki mau ganggu wong wadon, wong iku njerit njaluk tulung. Raden Sahid mara ing omahe lajeng nulungi, tangane raden sahid iku di cekel maring wong wadon iku, warga Desa pada mara jotosi lan di oyak, di giring wong sing gawa topeng iku maring sesepuh desa, banjur tekan kana  topenge dibuka, Sesepuh iku kaget yen sing gawa topeng kui Raden Sahid putranipun Adipati Tumenggun Welatekta. Rama lan Ibunipun Raden Sahid Duka yen putrane niku dadi bocah sing ora genah

ora duwe adab lan tumindak ala maring liya , Raden Sahid wis gawe isin wongtua lorone  wis nyolong lan ganggu wong wadon, banjur ngendikan Ramane
“ Lunga Kowe saka Kadipaten Tuban, ora sudi ngeti kowe yen kowe ora becik tumindake, lunga!!”, kaluargane isin maring warga Tuban.
Raden Sahid Hijrah, lunga saparan-paran, sesambi ngalangkahke sikile lan ngalamun banjur bingung deweke arep ning ngendi mergane ora duwe omah lan rasukan ganti, langkah kanti langkah Raden Sahid ngrasa luwe, rasa panas kesel pegel. Banjur leren Raden Sahid weruh wit blimbing kang gedhe-gedhe banjur di penek wit blimbing sing lunyu mau , ora kroso yen wetenge luwe banjur di jipuk lan dipangan . wis ora luwe maneh raden sahid istirahat. Bengine raden sahid ngalamun apa sing kudu tak tindakna? Aku omah ora nduwe apa-apa, apa aku mung isa pasrah? Banjur wudlu lan shalata wengi raden sahid nyuwun pituduh maring Gusti, isuk-isuk ngara luwe Raden Sahid uga menek wit blimbing kaya wingi lan di pangan.Saengga Raden Sahid wonten ing saijine Alas “Jatiwangi”, wekdal menika Raden Sahid dadi wog kang di wedeni warga ingkang anggadahi julukan Brandal “Lokajaya” ingkang hasile anggone njambret bandhane wong sugih mau dibagi-bagi marang wong susah. Ing sawijine dina ana wong lanang nganggo jubah lewat ing alas Jatiwangi nggawa tongkat kang kemplilap kaya emas. Raden sahid anduweni maksud ala pingin ngrebut tongkat mau.
“badhe tenpundi pak?” pitakone Raden Sahid ,
” tinepangan kalih rencang .” sak derange wong nganggo jubah mau lunga
 “yen tongkat iku ora mung kanggo pengangan tinapi ya kangg pedoman,” Raden sahid mundut pirsa
 “ coba tak cekele tongkatmu “Raden sahid niate mung pingin nyekel tapi ya pingin nduweni.Banjur direbut wong lanang mau tibo ing lemahan. Banjur ngadek wong lanang mau lan nunjuk gawa tongkat ing wit kolangkaling yeng kaya emas godhong lan kayu buah dadi emas kabeh, Raden Sahid metik woh siji kolangkaling, kolangkaling bali kaya kolangkaling biasa.
“Le, yen pingin kowe intuk emas kuwi kudu gawa cara sing becik lan aja grusah-grusuh”

ngedikane Wong Lanang jubahan mau. Ngirane Raden sahid wong lanang iku gawa ilmu sihir, banjur iling yen tumindake ala netes loh antarane pipi Raden Sahidyen iku Sunan Bonang kang tersohor duwe ilmu inggil lan sadar wong lanang mau ora wong lanang biasa. Wong lanang mau lunga mlaku menyang pereng kali lan di tutke Raden Sahit yen niat berguru Maring wong lanang mau. Ketemune ning pereng kali kuwi Raden Sahid ngaku bakal tumindak becik maring liyan lan ora dadi wong kanga la sanadyan kuwi wigati kanggo liya.bakal bali ing ajaran Allah lan banjur wong lang iku nitip tongkat maring Raden Sahid
 “Le, iki yen pingin dadi muridku kowe kudu bali njaluk ngapura marang ibumu “
Banjur mlayu Raden Sahid bali menyang Kadipaten Tuban yen jarak antarane alas iku adoh nanging Raden Sahid ketemu ibune. Begja Raden Sahid ora kepetuk Ramane, yen ana Ramane bakal ngamuk.
“ ana apa le ? kok megap-megap ngono ?”
“ bu,Kula nyurun pangapurane , kula badhe sinau agama karo wong lanang kang duweni ilmu inggil bu.”
“iya le. Wong sing mbug temoni iku Sunan Bonang kang ilmune
Sak wise ketemu lan njaluk ngapura maring ibune banjur mlayu nututi  Sunan Bonang , kanti ngos-ngosan Raden Sahid nutututi,saben ditututi Sunan Bonang Saya dhuwur,wis lungoho lan temoni Sunan Bonang , belajar ilmu agama ya le?”suwe Saya adoh jarake . wis katon cedak Raden Sahid pingsan lang tiba ditulung Sunan Bonang, banjur ditulung tangan Sunan Bonang di cekel supayanae ora lunga saka Raden Sahid lan ngucap Sunan Bonang
“jaga tongkat iki nganti aku bali maring kene aja lunga”
perintah wong lanang sing jebule iku Sunan Bonang. Raden Sahid jaga tongkat 40 dina suwene nganti turu lan di rambati suket. Banjur Sunan boning bali maring template Raden Sahid jaga tongkat kang ditancepke ning pereng kali. Saengga Raden Sahid di berinama oleh gurunya Sunan Bonang “Kalijaga” lan nuntut ilmu maring Sunan Bonang bab agama lan dakwah sertane di
wenehi klambi kang sae, sahingga iku Raden Sahid julukanipun Sunan Kalijaga yang diberi Oleh Sunan Bonang lan di tuntun menyang Daerah Kadilangu Bintooro anyebarake Agama islam lan dakwah.
Sawijining dina, Sunan Kalijaga sajroning berguru iku ing dakwah nganggo budaya lokal kang dadi sarana dakwah Sunan Kalijaga lan macem-macem Suluke ing antarane, ilir-ilir lan gundhul-gundhul pacul lan wayang kulit saka lembu ( abad XV)kang dadi objek dakwah Sunan Kalijaga. Sunan Kalijaga anggadahi garwa inggih punika Dewi Arofah Retna Dumilah.Lan anggadahi putra R. Umar Said (Sunan Muria), Dewi Rakayuh dan Dewi Sofiah.
Sunan Kalijaga salah sawijine penganut agama islam wonten Demak Bintoro lan bangun Masjid Agung Demak kang di bantu Para Wali sumebabring agama Islam ing demak lan talatah Jawa. Salah sawijine sejarah Masjid dmak menika woten gegayutane kalih sunan kalijaga. Saderenge masjid iku dadi Sultan Fatah dereng anggadahi gelar, banjur dadi masjide  Raden Fatah ana julukane Raden Fatah, sabare Masjid Agung Demak dadi tahun 1475yen wekdal denika dados Tumenggung Bintara Demak. Banjur tilar dunya dipungantor Jaka Tingkir utawa Hadiwijaya igkang kerajaan Demak dipun pindah wonten Pajang.
Sunan Kalijara wafat dipun makamke ten Kadilang Demak bintara ingkang saprene rame wong iarah. makam sunan kalijaga wonten ing kuncup kang isine ana 10 makom saking kluargane utawa keturunanae. Ingantarane :
1.      Sunan Klaijaga
2.      Dewi Arofah Retno Dumilah
3.      Putrane
4.      Sunan Hadi
5.      Rden Prembayu
6.      Raden Pmenggak
7.      Raden Abdurrahman
8.      Bupati Tubah lan Tum Wilatekta
9.      Dewi Raswulan
10.  Kyai Derik lan Nyai Derik
 Ing Makan Sunan Klaijaga dipun buka Kuncupe saben Jum’at Pon, Kliwon, Pahing sewulan kaping 3 wiwit jam 8 isuk nanti jam setengah 12 tutup jum’atan jam 1 ngantos jam  sonten nembe tutup. Makan ora dibuka yen dina Jum’at wange lan legi kang wos dadi adat jaman disik.
Ing kehidupan masyakat sak niki smapun mangertosi tumindak sae lan becik saking dakwah Sunan Kaijaga kang dados pelopor agam islam lan ngangkat budaya jawa nganggo wayang kulit kanggo sumebaring agama ing Demak Bintoro utawa Glagahwangi. Ingkan manggen ing makan wilah kadilang niku para ahliwaris utawi kerturunan, ing tahun 2013 niki wonten 17 keturunan utawi ahliwarih ing antarane.


Sunan Klijaga & Dewi arofah
Panembahan Hadi
Panembahan Pangulu
Panembahan Terep
Pnembahan Notoprojo
Panembahan Sabrang
Panembaha Mijij
Pangeran Mijil 1  wirasukama
Pangeran Mijil 2 R.M.Sukarjo
Pangeran Mijil 3 R.Sujalma
Pangeran Mijil 4 said     
Kepala Pedikan 1 R,Ng. Maulani
Kepala Pedikan 2 R.M.shaleh
Kepala Pedikan 3 R.Notosublongto
Kepala Pedikan 4 Notosubroto
Sesepuh 1 R.M. Ahmad Mulyadi
Sesepuh 2 R.M.Yuwana Sastradirja
Sesepuh 3 R.M.Abdurrahman
Sesepuh 4 R.M. Rahmad
Sesepuh 5 R.M. Moh. Sadyaka (sampe sekaranng)

 Ing jero kuncup ana pusaka keris cubluk ageman, antakusuma lan genthong wudlukang 1taun pisan dijamas kaliah sesepuh kadilangu. Wonten minyak saking pisuwanan kraton solo lan dileh ning Natablatan.
Pegiringan di kawal 40 prajurit .lan saderenge grebeg besar wonten acara Ancaan utawa ngalap berkah ing malam badha besar. Adat niku tasih ngantos sakniki.






0 komentar:

Posting Komentar