Pages

Selasa, 14 Januari 2014

Cerita Ancasing gesang dening Rihatul Ulya


Ancasing gesang

         Labuh labeteng Sutini anggenipun memayu ayuneng urip supaya dadi wong kang migunani mareng liya, rina wengi Sutini ibadah ning panjaluke mareng Gusti Sangkan Paraning Dumadi. Panjaluke Sutini supaya laku lampahipun jejeg lan dadi wong sing ikhlas tinulung mareng tetangga lan ora gampang tampa pamrih utawa tomak. Sutini kalebu bocah cilik sing umure 19 tahun, setahun kepungkur Sutini lulus saka Madrasah Aliyah Roudlatul Ulum, Ngabar, Ponorogo, Jawa Timur. Keluargane bisa urip kecukupan, mulane Suitni bisa sekolah nganti tingkat SMA, beda karo bocah wadon liyane  ning kampunge sekolah namung SD mentok nganti SMP uwis padha kerja lan ana sing langsung di nikahake. Wongtua jaman kuwi isih padha kolot ning urusan pendidikan, tinapi orang ngono kuwi pemikirane wongtuane Sutini, Bapak lan Ibune anduweni kepinginan yen anake kudu sekolah sing dhuwur supaya bisa gawe wongtuane bungah sumringah. Lurah sing di sandhang dadi tanggungjawabe Muryanto Bapake Sutini, ora salah yen akeh nom-noman sing padha seneng karo bocah wadon ayu menik-menik, ya sutini kuwi. Akeh nom-noman sing di tampik Sutini, pendidikan dadi alasane Sutini nampik, anduweni kepinginan kuliah supaya dadi wong pinter lan migunani mareng liya. Kawit umur 4 tahun urip karo bapake, ibuke Sutini sedo jalaran penyakit tumor, durung ngerti apa-apa bocah cilik umur 4 tahun wis di tinggal ibune. Universitas Negeri Surakarta pilihane Sutini kuliah lan golek pitutur luhur, rasane abot ninggalake omah lan Bapake sing urip dhewekan ora ana sing ngurus. Senadyan urip kecukupan lan mulya ora kepinginan golek rewang lan golek bojo kanggo kekancan, nanging Sutini bisa nerima.
 Bapake sing ngurus lan ngrumat Sutini 19 tahun kepungkur tanpa ibu, gawe Sutini mantep kepingin dadi bocah wadon sing sholihah bisa gawe bapake bungah amarga tumindak becike, Sutini kuliah jurusan Agama Islam supaya, bisa pring pitutur bab agama ning Desane. Bapake sarujuk yen anake iku bisa paring pitutur agama amarga, ning Desane akeh sing isih durung paham agama. Sutini kuliah ora kaya kanca liyane sing uring asrama utawa kos, pilihane ning pondok Darussalam. Megawati, Putri lan Jannah kancane sing paling akrab karo Sutini, nganti kekancane kaya usus kelet sing lengket kaya lem amarga saben dina kuliah bareng uga kegiatan pondok bareng apa maneh dadi siji kamare. Sawijineng dina Sutini lan Jannah lunga mlaku-mlaku ning pasar tuku sarung Wadimor oleh-oleh kanggo Bapake ning Ponorogo. Saka adoh Sutini wetuh bocah lanang sing umur 8 tahun lagi jumeneng sedhakep mandengi toko, alon-alon Sutini karo Jannah nyedhaki bocah lanang mau “Ayo jan, di cedhaki,”  ngendikane Sutini maring Jannah, “ Iya Tin, ayo,” jawabe Jannah, bajur takon Sutini mareng bocah kuwi. “Dhek, lagi apa?”, namung meneng bae tanpo mucap apa-apa. Jannah ganti nakoni bocah kuwi, “Dhek, lagi apa?”, bocah lanang kuwi mlayu lunga banjur Sutini lan Jannah nututi ning burine kanti rasa penasaran,bocah lanang mau nganpiri bocah-bocah cilik. Klambi lan papan panggonane kumuh lan kotor, katon tangis sak banjureng teka bocah lalang mau rada banter kanti mucap “Wetengku ngeleh mas, hiks..hikss..” salah sawijineng bocah cilik mau. Alon-alon di cedhaki Sutini. “Ana apa Dhek?”, “Adhiku ngelih nanging aku ora duwe duwit Mbak!” wajabe bocah lanang mau, “Ning endi Bapak Ibumu?”, “Aku kawit cilit ora duwe Bapak Ibu, aku di tinggal lunga karo Adhi-Adhiku”, netes eluh ning pipine Jannah, “Wis-wis ora usah nangis Jan, issin karo bocah cilik”, ngerteni kabar mau Sutini karo Jannah gelis golek mangan lan laine kanggo bocah mau.
Sutini sadhar yen dheweke iku iseh bejo tinimbang bocah cilik mau, atine gregel lan gelis telfon Bapake ning Ponorogo.  Kelingan mangsa Sutini lagi masuk kuliah, Bapake asring paring pitutur mareng Dheweke, “Nduk, yen pingin mulya kudu wani di asorke, yen pingin mulya kudu prihatin, niat luru ilmu ning Jakarta di lakoni kanti ikhlas,”. Piwulang iku ingkang dadi pedhoman Surtini nganti satunggaling dina, Surtini anduweni angen-angen yen bali ning omah kudu wis Sarjana lan siap abdi mareng sesami. Tiba titiwancine Sutini intuk gelar Sarjana kati hasil sing apik. Bapake Surtini seneng lan bungah, anake dadi wong wadon sing berpendidikan. Ponorogo, papan panggonane Sutini lahir ning kono dheweke mbangun Pondhok Pesantren Darul Iman, akeh Masyarakat setuju lan seneng ana pondok sing bisa paring pitutur becik, tinapi tumindak sae niku mesti katah ing pacoban. Sutini ora nglokro semangat ing dalane pangeran. Sawijineng dina Sutini lagi linggih thenguk-thenguk, ana Ibu-Ibu tuwa gawa botol Aqua kothong, grusah-grusuh ngos-ngosan ngaanti ora cetha anggine matur, putrane sakit parah lan nyuwun obat maring Sutini, bingung lan susah ning atine Sutini, tapi ora ana pilihan liya sing bisa dheweke lakoni kejaba nyuwun ijabahing dedonga mareng Gustih. Kanti maca fatihah lan tasbih banyu ning botol mau di gawa bali. “Aji-aji apa Gustih ikang abdi saged? Mugi paring rahmatmu toyo wau kawula sukaken,” .
 isuke ibu mahu mara ing pondokaneng Sutini, anake banjur waras bar ngombe banyu saka dheweke. Kabar mau wis padha ngerti, saya akeh wong sing mara berobat, Sutini banjur sibuk. Ora ana ilmu kedokteran lan psikologis sing di duweni Sutini namung, Gustih sing dadi ancasing agesang. Gusti sing duwe jagad lan isine, mati urip kuwi balik ning Gusti, pikiran iku sing mantepke atine Sutini, dheweke janji yen bakal ngabdi maring masyarakat. Saben dina Sutini pasa tanpa mandhek, wirit lan sembahyang sing mantepke atine yen labuh labet saha memayu ayuning urip namung kanggo ngabdi. Sibuk saben dinane katah kang berobat lan nyuwun dedungo ora ana pikiran anggone nduweni bojo. Bapake kanti nyenyuwun lancareng pakaryan becik lan aja tomak ing pamrih, lara parah lan akhire seda. Sutini sak niki sadi sibuk ning pondok, santrine kathah lan sing berobat tambah akeh. Ilmu sing di duweni ora sepira, ning kersane pangeran bisa kedadean kabeh. Dakwah lan pitutur becik kathat sing di tiru masyarakat kiwa tengene Sutini. Rasa kangen marang Bapak Ibune thukul ning atine, nangis lan kelingan labeting Bapake ngurusi wiwit cilik tumeka gedhe, sore-sore sutini lan salah sawijine santrine Ziarah ning Makame Bapak lan Ibune, banjur tumekeng Mamk “Buk, Pak, Gustih ingkah Maha Adil. Anakmu niki sampun bisa urip mulya, tinapi tasih susah, rasa dosa lan salah kepingin ngabdi lan paring pitutur mareng liya. Urip asor bisa mulya,” . dawuhing Bapake mbiyen,” aja mung ngaji syari’at bloko. Ilmu umum kudu mbuk sandhang Nduk!”.
Iku kang dadi ancasing Sutini kanggo Bapak Ibune sing wing kapendhem lemah. Iling pitutur luhur ustadze “Ngawula Dateng kawulaneng Gustih, memayu ayuneng urip, durung menang yen durung wani kalah, durung unggul yen durung wani asor, durung gedhe yen durung ngaku cilik,”.  Urip ikhlas, tanpa pamrih, ngaku cilik, ngaku asor sing dadi syarat kamulyanung urip. Ora mikir paweh-weh ing liyan, kang patut dadi guru, gawe murid pinter, amal ilmu kanti barokah. Iling lan waspada kang dadi cekelan watoneng Sutini.
Urip saya tua wing ora kuwowo, saya akhe wong berobat. Awak kesel lan lemes ora dadi alangan Sutini anggone bantu masyarakt,Sutini ora jaluk pamrih lan anduweni sifat ikhlas kanggo bantu liya. Asring intuk panggilan berobat ing daerah-daerah liya, kabeh mau di lakoni kanti seneng lan geguyu, kanca-kancane lan tanggan Sutini ngrasa bumgah lan bangga, ana wong wadon kang bisa urip lan matine kanggo ngabdi maring semami lan cedhak mareng Gustih. Urus saya tua, Sutini saya ringkeh, awake panas lan Ndrodhok suwene 12 dina, para santri bantu ngurus pondok lan pengobatane, Imam kang aran jenenge. Titiwancine Sutini balik mareng Pangeran Sangkan Paraning Dumadi bubar lara 12 dina suwene. Imam penerus Sutini kang wis di anggep sadulur saketeng memitran. Piwulang Sutini kang dadi cagakeng urip dheweke ing berbrayan “ Aja dadi wong pinter ngger, dadio wong ngerti lan migunani maring liya uga tanggap ing sasmita. “ dawuheng Sutini mbiyen.
Cagakeng Imam ing bebrayan kudu anglurukaken bongso, kang njebar wiji budi jawi lan menawi unggul kudu sujud bekti maring Gustih.
Ngelmu iku kalakone kanti lak
 Lekase lawan kas
Tegese Kas Nyantosani
Setya Budya Pngekese dur angkara

Lila namun kelingan nora gegetun
Trima yen ketaman
Sakserik sameng dumadi
Tri legawa nalangsa srah ing batara ( pitutur Sutini maring Imam).


Tidak ada komentar:

Posting Komentar